Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
121 dari 170
544–545 dari 856
5.437–5.446 dari 8.560
121.006 gusti kawula watawis | pun Sukra punika kalap | aningali ing jêng agèr | sintên-sintêna wong lanang | kang ningali andika | pasthi prakakang-prakukung | yèn tan panggih dadi salah ||
121.007 amung raka dika gusti | igih Pangeran Dipatya | wong anèh-anèh nêrwètèh | ewa ningali paduka | raka panduka pangran | yèn ta sampuna wong agung | kalêbêt wong gêgêndhungan ||
121.008 Dyan Sukra ikang winarni | kudane pan dèrèng têbah | cungkelak abali manèh | kudanya anandêr nongklang | tiningalan tan ana | sira sang akarya wuyung | kang manglung mugèng lêleyan[1] ||
121.009 glis nandêr abali malih | sariranya lêsu lupa | lampahe mandhêg anolèh | sapraptaning Kasindurjan | têdhak ing paregolan [[f. 476v]: paregola...n] | manjing wisma sare nglugur | kasambut ing larasmara ||
121.010 wayah sirêp lare tangi | têdhak maring pakêbonan | angimur-imur wingite | anuju tanggal ping sanga | katon riyêming căndra | emungt[2] kang nèng bata manglung | kêkuwu pojoking netra ||
121.011 kasèbêt ing laras lali | Dyan Sukra agadêbugan[3] | sêsambat sarwi sêsèndhèn | anèng ing jambu drêsana | rêngêng angura-ura | tur sarwi angidung-ngidung | biyadane Kapugêran ||
121.012 adhuh gusti duk ing nguni | andukani wong têtêgar | gandês luwês andikane | êmbane karo gya prapta | ngulari mring rahadyan | kapanggih sêsèndhèn jambu | kalih sarêng atur sêmbah ||
121.013 adhuh radèn gusti mami | agèr andika emuta | sampun ta lajêng anglamong | emuta lamun kawula | sampun supe bêndara | ing satêrah-têrahipun | rat Jawa ing pramudita ||
121.014 pangeran ikang darbèni | nadyan kinarsakna pêjah | kalamun gusti karsane | yogya ikang matènana | radèn asru ngandika | bapa aja sira muwus | măngsa ngong piyarsakêna ||
121.015 isun dhewe kang nglabuhi | tumêkaa lara pêjah | tan gumisir awak ingong | sanadyan dadia lesan | isun dhewe kang nandhang | tan ajrih rêramon ganjur | rêruba kumbala wudhar ||
544–545 dari 856

 


lalean (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 122.9.7). (kembali)
emut (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.141, Pupuh 121.10.6). (kembali)
Teks asli kurang jelas. Bandingkan: gadêbugan (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 215.27.2); kadêbugan (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 138.13.2); arade ngugal (?) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.142, Pupuh 121.11.2). (kembali)