Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
122 dari 170
547–548 dari 856
5.469–5.478 dari 8.560
| 122.009 | age bapa Singanănda sabukira | cêlubêna ing kali | uncalna ing bata | sun gawene rambatan | sêksana Singanănda glis | sabuk nguculan | putih cinêlub warih || |
| 122.010 | wus cinêlub Rahadyan Sukra anyandhak | ingucalakên[1] aglis | ing bata duk asat | pan kinarya rambatan | sapraptanira ing ngigil | mudhun nut wastra | praptèng jro banon aglis || |
| 122.011 | êmbanira kêkalih samya nèng jaba | lakung maras kang ati | kawarna Dyan Sukra | kang anèng jro ngujana | andhadhok[2] ngisor kuwèni | matêk ajinya | limunan ikang pinrih || |
| 122.012 | aja ana wong uning kalimunana | sinambêran kêkulik | bêbênce wurahan | têtêkak têtikusan | wurahan ing tamansari | sira Dyan Sukra | datan miris ing galih || |
| 122.013 | kawarnaa para putra Kapugêran | arsa langlang ing wêngi | prasamya graita | bêbênce aliwêran | wurahan ing tamansari | gèning kang raka | ikang dipun sambêri || |
| 122.014 | Radèn Ăntawirya Dyan Martataruna | asikêp pêdhang tamsir | Radèn Dipatruna | lan Radèn Wăngsatruna | asikêp talêmpak sami | andikik[3] dhustha | marang ing langonsari || |
| 122.015 | ikang raka karo samya [[f. 479r]] sikêp pêdhang | prapta ing langonsari | kawarnaa dhustha | wikan yèn para putra | alanglang ing tamansari | mingsêr gènira | nampar gadhong kuwèni || |
| 122.016 | kumarèsèk kang para putra miyarsa | sêksana marêpêki | pan ingulap-ulap | nora nana katingal | Rahadèn Sukra nguncati | Dyan Natawirya | sigra narajang wani || |
| 122.017 | Radèn Sukra tangginas dènnya lumayya | pratmaja ngêpung wani | kang dhustha lumompat | ting barêkuh syaranya | tan ana kang alok maling | dhustha singidan | Dyan Ăntawirya aglis || |
| 122.018 | kèn angambil abor marang ing mandhapa | dimon katingal aglis | para ri angalap | abor maring mandhapa | asaos gupuh nututi | pan dinukanan | ajrih prasamya bali || |
547–548 dari 856
| 1 | inguncalakên (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.144, Pupuh 122.10.2). (kembali) |
| 2 | andhodhok (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.144, Pupuh 122.11.5). (kembali) |
| 3 | andingkik (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.145, Pupuh 122.14.6). (kembali) |