Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
124–125 dari 170
554–555 dari 856
5.532–5.541 dari 8.560
| 124.015 | sumyar-sumyar tarataban | warastrènira ngulisik | akrodha nacah ing wastra | sangêt supe singa kèksi | pinindha sang wong brangti [[f. 483r]] | mulat ing Tambakbayèku | sasat mulat ing sang dyah | Ban Gori ngandikan aglis | kayaparan biyang laranisun mêtak || |
| 124.016 | ngrungua ta kang ngandika | kaya nêmahana pati | samêngko yèn tan rêsmia | sapa yogya dadi wakil | isun pindha sang dèwi | êmbane aris umatur | gampil akarya mindha | panduka pan darbe sêlir | singa ikang kinarya wakil pan dadya || |
| 124.017 | radèn aris angandika | măngsa marêma kang ati | yèn dudu wong Kapugêran | nadyan silih nini-nini | yakti iku marasi | yèn parêkane dyan ayu | iya Ni Tambakbaya | konên marene dèn aglis | gya ingundang maring jungut pasareyan || |
| 124.018 | prapta Dyan Sukra ngandika | bibi sun mêkas sajati | aja na wong singa mirsa | dèn aparak kene bibi | mara Tambakbaya glis | sênig-sênig manahipun | mara anèng ing dagan | pêtani sada kapering | marasira mênawi ginuladrawa || |
| 125. Dhandhanggula | |
| [Pangéran adipati anom ngaturaken serat dhumateng pangéran Puger prekawis tindak culikanipun radèn Sukra kaliyan dyah ayu Lembah.[1]] | |
| 125.001 | Radyan Sukra ngêjèpi Ni Gori | nulya kesah maring pêpukuran | apan sawiyah awade | radèn lingira arum | bibi dipun marang ing ngapti | Ni Tambakbaya turnya | igih damêlipun | punapa timbalan radyan | pan kapirsa ing ngriku kalih ing ngriki | barang kang winicara || |
| 125.002 | radyan datan sarănta ing galih | sangêt supe aglis nyandhak asta | saha rêrêpa wuwuse | Ni Tambakbaya matur | radèn sampun mêkatên ugi | pun bibi sampun tuwa | lan awon dinulu | Rahadèn Sukra lingira | iya sira bibi isun karya wakil | isun pindha kusuma || |
| 125.003 | saurnya ris sanadyan kinardi | wakil pinindha-pindha [[f. 483v]: pi...nindha-pindha] kusuma | sampun wong tuwa ginawe | lawan ala wus ngêlun | lan maninge siyang kèh uning | sapira yèn dalua | dhuh mangke sun mêtu | rinangkul ingaras-aras | Nyai Tambakbaya sambate drêwili | sarwi atangkis asta || |
| 125.004 | Rahadèn Sukra liwung kapati | tan angrasa myat ing Tambakbaya | mung sa dyah anèng tingale | amalih kang pandulu | wus kranjingan setan mibuhi[2] | mulas ing Tambakbaya | pinindha sang ayu | ingarasan nyêngkah jaja | duk ingêmban winawang ingarih-arih | tansah kinusya-kusya || |
| 125.005 | Ni Tambakbaya mèsêm ing ati | dahat kacaryan ing bagusira | anrang madu pangrurume | manahe cilik gunung | tan winarna solahing rêsmi | wêdhar dènnya kalihan | têdhak samya luguh | anèng sajawining tilam | ingandikan pawonganira prasami | prapta sami umarak || |
| 125.006 | Radèn Sukra sigra anênulis | badhe katur dhumatêng sang rêtna | nuwun linilan wiyose | umarêk ing sang ayu | mring ngujana saos ing latri | anaa kang timbalan | sira sang wèh ing ngrum | surat sinung Tambakbaya | saha wêling Ni Tambakbaya wus mijil | nahan ganti kawarna || |
554–555 dari 856
| 1 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.151. (kembali) |
| 2 | mimbuhi (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.151, Pupuh 125.4.5). (kembali) |