Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
125 dari 170
556–557 dari 856
5.556–5.565 dari 8.560
| 125.021 | alon gumujêng sang mindha sari | ora jamak atine Si Sukra | sagunung Lawu gêdhene | mêksa[1] mondhong maringsun | apa kêlar amanggul bêdhil | mriyêm si păncawura | yen kêlar amanggul | wringin kurung binêdhola | ginawea têtukon marang ing kami | pasthi sun asrah raga || |
| 125.022 | yèn dadia pikire si baring | pantês lamun rinewangan gêndra | yèn sêmbada lan baguse | gêntya ikang winuwus | Radèn Suryakusuma prapti | ing ngarsane kang rama | mangusapi lêbu | kang rama gyanira lênggah | ing pahêman radèn ngaturakên tulis | ing rama tinampanan || |
| 125.023 | tinupiksa têmbunging kintaki | surat saking Pangeran Dipatya | Anom katura sêmbahe | ing jêng paman kang sinung | sih nugraha ikang pinuji | kyat ambêk santa bodya | paramartèng wadu | sampuning katur kang sêmbah | wiyosipun kawula atur upaksi | dhumatêng kajêng paman || |
| 125.024 | aprakawis putra panduka ri | adhiajêng make madyèng karsa | ulah culika tindake | lawan Sukra pan sampun | nurut wastra kirim-kinirim | surat awantya-wantya | jaruman lumaku | titi panukmèning [[f. 485v]: panu...kmèning] surat |[2] pangran kagyat jaja bang lir wora-wari | netra dik surat-surat || |
| 125.025 | kumêjot padonira kang lathi | para putra ngandikan sadaya | wus prapta anèng ngarsandhèr | pangeran ngandika sru | hèh Sudira undangên aglis | marene kakangira | Si Lêmbah dèn gupuh | pratmaja manêmbah mintar | tan adangu praptèng gandhèk langonsari | panggya raka kapitya || |
| 125.026 | radyan ayu gya napa lingnya ris | hèh yayi mas ana gawenira | kang rayi alon ature | dika ngandikan gupuh | ing jêng rama dyan ayu angling | yayi sira ligiha | kangên têmên isun | yayi mas marang ing sira | lan maninge sun arsa wêwarta yayi | ing mau sun anendra || |
| 125.027 | pradikanên supênaku yayi | sira ikang wasis ing sasmita | sun takèn mring inya akèh | tan ana ngartèng wuwus | supênaku kangmas Dipati | katon sajroning nendra | gawe larèn agung | jêrone sapuluh cêngkal | nora pira banyune buthak akêdhik | katingal kajêng rama || |
| 125.028 | lawan kabèh para ari mami | myat ing larèn angadêg pigirnya | rama nguwuh ing sira ge | kinèn jêrokkên mringsun | lawan ari Ăntawiryèki | dupi[3] sira anjêngkang- | akên sun kalêbu | larèn bata Tambakbaya | praptèng ing jro larèn toyane sinanti | mung sêmut ikang ana || |
| 125.029 | isun kagèt tangi sira prapti | iku yayi sira pradikaa | kang rayi alon ature | tan kaduga ing sêmu | kang bok angèl puniku ugi | kang ngegalakên prapta | sêsona dyan ayu | lumampah marak ing rama | tan adangu praptèng ngarsa manganjali | kang rama angandika || |
| 125.030 | babo sutèngsun sira alaki | gusti lamun ana salahira | iya lah sandhangên dhewe | aja [[f. 486r]] gawa mring isun | myang pra arinira angabdi | pan sira yu utama | ing jagat pinujul | nanging tan kanggo ing priya | măngsa bodho wong agung waspadèng budi | tan kêna winaonan || |
556–557 dari 856
| 1 | Terdapat dobel sandangan: mêksa atau mèksa. (kembali) |
| 2 | Bandingkan: titipan nukmèning surat (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.153, Pupuh 125.24.8); titi panuksmaning sêrat (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 29.27.8); titi panukmaning surat (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 143.29.8). (kembali) |
| 3 | Bandingkan: duta (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.154, Pupuh 125.28.6). (kembali) |