Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
125 dari 170
556–557 dari 856
5.559–5.568 dari 8.560
125.024 aprakawis putra panduka ri | adhiajêng make madyèng karsa | ulah culika tindake | lawan Sukra pan sampun | nurut wastra kirim-kinirim | surat awantya-wantya | jaruman lumaku | titi panukmèning [[f. 485v]: panu...kmèning] surat |[1] pangran kagyat jaja bang lir wora-wari | netra dik surat-surat ||
125.025 kumêjot padonira kang lathi | para putra ngandikan sadaya | wus prapta anèng ngarsandhèr | pangeran ngandika sru | hèh Sudira undangên aglis | marene kakangira | Si Lêmbah dèn gupuh | pratmaja manêmbah mintar | tan adangu praptèng gandhèk langonsari | panggya raka kapitya ||
125.026 radyan ayu gya napa lingnya ris | hèh yayi mas ana gawenira | kang rayi alon ature | dika ngandikan gupuh | ing jêng rama dyan ayu angling | yayi sira ligiha | kangên têmên isun | yayi mas marang ing sira | lan maninge sun arsa wêwarta yayi | ing mau sun anendra ||
125.027 pradikanên supênaku yayi | sira ikang wasis ing sasmita | sun takèn mring inya akèh | tan ana ngartèng wuwus | supênaku kangmas Dipati | katon sajroning nendra | gawe larèn agung | jêrone sapuluh cêngkal | nora pira banyune buthak akêdhik | katingal kajêng rama ||
125.028 lawan kabèh para ari mami | myat ing larèn angadêg pigirnya | rama nguwuh ing sira ge | kinèn jêrokkên mringsun | lawan ari Ăntawiryèki | dupi[2] sira anjêngkang- | akên sun kalêbu | larèn bata Tambakbaya | praptèng ing jro larèn toyane sinanti | mung sêmut ikang ana ||
125.029 isun kagèt tangi sira prapti | iku yayi sira pradikaa | kang rayi alon ature | tan kaduga ing sêmu | kang bok angèl puniku ugi | kang ngegalakên prapta | sêsona dyan ayu | lumampah marak ing rama | tan adangu praptèng ngarsa manganjali | kang rama angandika ||
125.030 babo sutèngsun sira alaki | gusti lamun ana salahira | iya lah sandhangên dhewe | aja [[f. 486r]] gawa mring isun | myang pra arinira angabdi | pan sira yu utama | ing jagat pinujul | nanging tan kanggo ing priya | măngsa bodho wong agung waspadèng budi | tan kêna winaonan ||
125.031 Radèn Natawirya wus winêling | samangsane praptaa kang raka | kinèn ngulari tilame | rahadèn nulya rawuh | pasareyaning raka nuli | gêguling binalekrah[3] | rêrêpèn katêmu | anèng sandhaping kang bantal | Nyai Tambakbaya sampun dèn awêri | tan awèh lunga-lunga ||
125.032 Radèn Natawirya marêk aglis | ikang rama aris angandika | hèh nini muliha age | manêmbah Radèn Ayu | Lêmbah lèngsèr saking ngarsa glis | kumêbêng ikang waspa | samarga kasandhung | sapraptanira ing tilam | parêkane umatur sarwi anangis | rêpèn pinundhut ing Dyan ||
125.033 Natawirya wau kang ngulati | ambalekrah pasereyan pagya | sandhaping bantal rêpène | sa dyah gumyur ing kalbu | duk sumaput ngrukêbi guling | nahan Dyan Ăntawirya | tur rêrêpinipun | ing rama gya tiningalan | wus anduga ngandika sru awor runtik | wus karsaning Yyang Sukma ||
556–557 dari 856

 


Bandingkan: titipan nukmèning surat (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.153, Pupuh 125.24.8); titi panuksmaning sêrat (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 29.27.8); titi panukmaning surat (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 143.29.8). (kembali)
Bandingkan: duta (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.154, Pupuh 125.28.6). (kembali)
binalengkrah (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.154, Pupuh 125.31.6; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 29.34.6). Bandingkan: binalingkrah (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 143.36.6). (kembali)