Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
126 dari 170
558–559 dari 856
5.579–5.588 dari 8.560
| 126.004 | agêgănda amrik mingi[1] | kênakane rinampungan | cahya wus anglong aijo | kang para ibu ngandikan | miwah sagung pawongan | sadaya wus kinèn mêtu | saking gupiting ujana || |
| 126.005 | sadaya giniring mijil | mung kari Ni Tambakbaya | kang para ibu arame | nangis anèng jaban lawang | ngujana kinancingan | saking jro langon akukuh | sigra kang para pinutra || |
| 126.006 | Radèn Suryakusuma glis | anyandhak ciddhe[2] dawa bang | kang arsa kinarya nglawe | nulya cinandhak kang raka | astane siji sowang | mring para ri samya smu luh | kapêksa ajrih kang rama || |
| 126.007 | Radèn Săngka Sudama glis | nyêkêli Ni Tambakbaya | Rahadèn Dipatruna ge | lan Radèn Wăngsataruna | anyêkêli kang raka | samya asta têngênipun | kang kiwa ngusapi waspa || |
| 126.008 | sang rêtna ngandika aris | sadhiku kêlumpukana | Si Săngka Sudama kabèh | dèn padha pêrak lan iwang | yayi sun tingalana | wêkasane atêtêmu | lan arinisun sadaya || |
| 126.009 | waspanira adrês mijil | dyan ayu mulat arinya | asrêt angulung wuwuse | wis yayi padha kariya | isun amit palastra | muga pujèkêna isun | antuka marga kang padhang || |
| 126.010 | gya kukub dyan ayu aglis | sarya ngulungakên jăngga | cindhe wus tinalèkake | dening Radyan Ăntawirya | Radèn Suryakusuma | ikang anèng têngênipun | dupi arsa sinisêtan[3] || |
| 126.011 | radèn ayu lingira ris | mêngko yayi antèkêna | isun amêmêkas manèh | aturêna sêmbah iwang | marang ing ibu rama | purane sun amit lampus | lan ing Pangeran Dipatya || |
| 126.012 | aturêna sêmbah mami | tanapi mring uwa nata | sun nuwun pangapuntêne | mring kangmas Pangran Dipatya | sun dhingin pinaringan [[f. 487v]: pinaringa...n] | sêsupe mirah jumêrut | rong kêmbaran aturêna || |
| 126.013 | lan rêtna cêpaka wilis | mirah sela nêm kêmbaran | sarta lawan widuri jo | kabèh padha aturêna | papan dhakon sêlaka | kêcik sawasa rongatus | amung babot patang reyal || |
558–559 dari 856
| 1 | minging (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 144.4.1). (kembali) |
| 2 | cindhe (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.156, Pupuh 126.6.2; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 30.6.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 122.131.2; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 144.6.2; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 222.25.2). (kembali) |
| 3 | siningsêtan (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.156, Pupuh 126.10.7; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 30.10.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 122.135.7; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 222.29.7). (kembali) |