Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
126 dari 170
559–560 dari 856
5.589–5.598 dari 8.560
126.014 papane wawrat rong kati | papan cuki sagagragan | ikang sun gawa marene | cukine saparo êmas | kang sêparo suwasa | angrong tail babotipun | padha sira aturêna ||
126.015 kalawan cindhene siji | poma yayi aturêna | amung iku kagungane | sinjang kêmbên sun agawa | dhewe wis ta lah mara | padha waspadakna isun | aja na manah sumêla ||
126.016 kang cindhe nulya tinarik | sang dyah ngêningakên tingal | tan samar ing patitise | pêrnahe kang sakan[1] paran | kêjêp maring kamuksan | cumêkik niba sang ayu | lajêng layaran palastra ||
126.017 kagyat ikang para ari | atêbah jaja karuna | layon rinarămpa age | pinêrnah alang ujurnya | ing para arinira | Ni Tambakbaya pan sampun | dangu gènnya pinêjahan ||
126.018 nulya binuka kang kari | kang para ibu sadaya | sarêng umangsuk maring jro | lan êmban parêkan inya | myat layon gilang-gilang | rinungkêban[2] sarêng muwun | pratmaja marêk ing rama ||
126.019 prapta ngarsa awotsari | sadaya samya smu waspa | nèng ngarsaning rama andhèr | katur yèn raka wus pêjah | pangran asur[3] tigapar | kawarnèng jawi wadya gung | myarsa yèn dudu wadinya ||
126.020 atata baris rinangkit[4] | kawula ing Kapugêran | ikang pawarta wus adoh | Pangeran Arya Mataram | sigra ngundhangi wadya | budhal[5] lawan arinipun | Pangeran Arya Panular ||
126.021 Kapugêran agya prapti | kang wadya baris ing marga | pangeran kalih maring jro | wus pagya kalawan raka | sigra kang para garwa | prasamya dadan[6] malêbu | sêdya tur wikaning nata ||
126.022 samya nêrka dadya jurit | lan wadya ing Kasindurjan [[f. 488r]: Kasindur...jan] | Radèn Ayu Pugêr age | lampahe dharat kewala | tan mawi upacara | sapraptanirèng pura rum | nata nèng ing Prabayaksa ||
126.023 kapitèng tyasira aji | myat ing ari glis sinapa | dingarèn sira bok ipe | awan-awan maring pura | yayi sira ligiha | ragane baya ingutus | sira maring kakungira ||
559–560 dari 856

 


1 sangkan (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.157, Pupuh 126.16.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 122.141.4; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 30.16.5). (kembali)
2 Bandingkan: rinuruban (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.157, Pupuh 126.18.6). (kembali)
3 asru (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 30.19.4). (kembali)
4 rinakit (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.157, Pupuh 126.20.1). (kembali)
5 ngumpul (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.157, Pupuh 126.20.6). (kembali)
6 Bandingkan: adan (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.157, Pupuh 126.21.6); dangdan (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 30.21.6); dandan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 122.146.6). (kembali)