Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
126 dari 170
560–561 dari 856
5.600–5.609 dari 8.560
126.025 lagi tumon kaya ari | kang kalêbu paribasa | wong kolu maring anake | sagalakaneya macan | tan kalu[1] maring anak | Wilaja mêtua gupuh | bocah gandhèk dhawuhana ||
126.026 aglis konên animbali | sagunge para dipatya | wus kadhawuhakên age | sang duta pating balêsar | aglis kang tinimbalan | saha bala pratiwa nung | orêg wong sa-Kartasura ||
126.027 pêpak pratiwa jro jawi | pasisir măncanêgara | kala sêmana sakèhe | wisma anèng Kartasura | nahan Arya Sindurja | myarsa ing warta misuwur | gumyahing marga wus atas ||
126.028 wadya Kasindurjan baris | supe yèn ngabdi ing nata | wrat ing trêsnaning putrane | Radèn Sukra wus sanega | Bugise pitung dasa | samya prawirèng ing kewuh | koprale aran Rosansah ||
126.029 koprale ikang sawiji | Kopral Janulèn wastanya | samya prawirane karo | abaris ing palataran | wadya ing Kasindurjan | abaris paseban tugur | sêntana ikang kaparak ||
126.030 Dêmang Suradêksanèki | lan Dêmang Citramênggala | lan Ki Surajaya rane | samya umatur mangrêpa | agèr sampun mêngkana | ing karsa sampun anglantur | emuta lamun kawula ||
126.031 nanging rahadèn apatih | kawratan trisnaning[2] putra | tansah wibuh i driyane | datan kêna angandika | Radèn Sukra lir macan | binasahan karsanipun | arsa nglagar Kadipatyan ||
126.032 tansah samya dèn jagani | pinêgatan mring santana | tansah angadhuh rahadèn | katon kang awèh wigêna | myarsa sang rêtna seda [[f. 488v]] | Dyan Sukra tyas lir kadhaut | salah ton arsa abela ||
126.033 isun antènana gusti | kang awèh dosa[3] mring sira | isun anglangi ganjure | wong Kadipatèn sun ajap | gênti kris aswora[4] rah | lan dipati anom isun | dhuh rama kawula pêjah ||
126.034 nadyan si manggiha pati | belaa putraning nata | sêdhêng pun dipati anom | tandhing prawira lan iwang | nadyan sugiha wadya | dèn kêbak rat Jawa isun | merang yèn nêdya mundura ||
560–561 dari 856

 


kolu (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.158, Pupuh 126.25.5; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 30.25.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 122.150.5). (kembali)
trêsnaning (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.158, Pupuh 126.31.2). (kembali)
Bandingkan: dewa (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.158, Pupuh 126.33.2). (kembali)
awora (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.158, Pupuh 126.33.5). (kembali)