Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
127 dari 170
562–563 dari 856
5.618–5.627 dari 8.560
| 127.009 | timbalana rènisun Dyan Ayu Pucang | lawan Pratiwa jawi | kabèh lumakua | lawan măncanêgara | tanapi bala pasisir | padha ngêpunga | ing Kasindurjan aglis || |
| 127.010 | pan gumulung sagunging gêgaman muntab [[f. 489r]: mu...ntab] | mring Kasindurjan aglis | Suwănda Wilaja | jumrajog mring jro prapta | wus panggya lan radyan patih | wadya gung prapta | lajêng angêpung kikis || |
| 127.011 | agya nyai andhawuhakên timbalan- | ira sri narapati | hèh radèn tampia | timbalane narendra | putranira iku kêni | ing kukumollah | pinundhut ing sang aji || |
| 127.012 | Dyan Sindurja ajêtung[1] ngêkêp kang putra | tansah dipun arasi | marma tan kêna pisah |[2] kêdyah ngrêbasèng pura | ngamuk ing Pangran Dipati | atur dyan patya | nuhun dukaning aji || |
| 127.013 | lêhêng ulu[3] kênia nalangi pêjah | katrapa ngukum adil | gya Nyai Suwănda | dyan ayu tinimbalan | Dèn Ayu Pucang wus kering | prapta ing pura | marêk ing sri bupati || |
| 127.014 | anungkêmi ing pada sarwi karuna | myat dukaning nrêpati | asiyagèng ing prang | anêrka sru kang duka | ngandika sri narapati | lah wis muliha | warahên lakimu aglis |[4]| |
| 127.015 | lamun arêp anêmu bêcik agêsang | praptaa ngarsa mami | lan uripe Sukra | yèn nora age prapta | pasthi isun anindaki | Dyan Ayu Patya | manêmbah mijil |[5]| |
| 127.016 | sapraptane wisma panggya lan kang raka | matur saha wor tangis | timbalaning nata | yèn dika amrih gêsang | i suta nuntêna nangkil | yèn tan aseba | nata duka nindaki || |
| 127.017 | ngambil pati uripe Sukra lan dika | lah suwawi anangkil | kawula ngirida | èmêng radèn apatya | dadya nut aturing rabi | ngaras ing putra | lah ta karia kaki || |
| 127.018 | sun tadhakêna[6] apura maring narendra |[7] mangkat rahadèn patih | kalawan kang garwa | dharat ing lampahira | kinubêng baris nut margi | prapta ing pura | krisira wus ingambil || |
562–563 dari 856
| 1 | anjêtung (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.160, Pupuh 127.12.1). (kembali) |
| 2 | Lebih satu suku kata: marma tan kêna sah. (kembali) |
| 3 | ulun. Bandingkan: ngulu (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.160, Pupuh 127.13.1). (kembali) |
| 4 | Lebih satu suku kata: warahên lakimu glis. Bandingkan: muliha dèn agipih (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 145.18.7). (kembali) |
| 5 | Kurang dua suku kata: manêmbah sigra mijil. (kembali) |
| 6 | têdhakêna. Bandingkan: têdhakna (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 145.23.1). (kembali) |
| 7 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: sun têdhakna pura marang sri narendra (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 145.23.1); ingsun suwunakên apura ing nata (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 224.18.1). (kembali) |