Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
127 dari 170
564 dari 856
5.631–5.640 dari 8.560
| 127.022 | yèn angsala pêngajanirèng bêndara | samyarsa ngamuk wani | Janulèn Rosansah | kopral karo dêling prang | tan ana sinungan mijil | dening Dyan Sukra | muwêr ing jro pribadi || |
| 127.023 | kewran ing tyasira Dipati Urawan | arsa ginêcak wani | pratiwa tan rêmbag | dadya ngêpung kewala | Gandhèk saking jro awanti | ngegalkên pêjah- | ira Sukra tumuli || |
| 127.024 | lakung èmêng ing tyas Dipati Urawan | arsa kinasap wani | Bugise malatar | têmahan ngrasa wadya | lor kulon ikang barisi | kawula Dêmak | Jêpara Ngrêmbang Pathi || |
| 127.025 | wadya ing Mandura ikang mugèng wetan | lan wadya Surawèsthi | kidul baris Karta- | sura tindhih Urawan | barise sigra angrampid | bata rinasang | sinipatan ing bêdhil || |
| 127.026 | mundur ikang wetan ingrangsang sinipat | sigra dipun undhangi | aja na angrasang | rêmbag para dipatya | arsa ingipuka aris | aja na susah | angrêrusak wong cili || |
| 127.027 | ya ta ana sêntana ing Kasindurjan | lugyèng mantri pamiji | matur ing rahadyan | suwawi ngamuk mêdal | sigra ngatag wadya Bugis | anulya mêdal | tandange angajrihi || |
| 127.028 | duk sêmana sêntana ing Kasindurjan | luguh mantri panumpi[1] | aran Madaraka[2] | sanaking-sanak Sindurja |[3] matur ing Ki Adipati | Urawan ika | arsa bujuk lêboni || |
| 127.029 | ingidenan marang Dipata[4] Urawan | pan sampun tigal kêris | sigra mènèk bata | Ngabèi Măndaraka | prapta ngigil dèn uluri | wus praptèng ngandhap | kagyat kang aningali || |
| 127.030 | Radèn Sukra sêmana mangku talêmpak | ingayap mring [[f. 490r]] wong Bugis | kagyat duk umiyat | marang ing pamaning rèki |[5] Măndaraka anangis |[6] dhuh sutaniwang | kayapa sira gusti || |
| 127.031 | nora ngeman maring wong atuwanira | uwakira nèng jawi | Dipati Urawan | dhawuhakên timbalan | yèn sira tobat sayêkti | pan ingapura | marang sri narapati || |
564 dari 856
| 1 | panumping (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.161, Pupuh 127.28.2; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 31.32.2; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 145.33.2; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 224.28.2). (kembali) |
| 2 | Măndaraka (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.161, Pupuh 127.28.3; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 31.32.3; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 145.33.3; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 224.28.3). (kembali) |
| 3 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: santana naking-sanak Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 31.32.4; nak ing sanak Sindurja (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 145.33.4); kaprênah naking-sanak (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 224.28.4). (kembali) |
| 4 | Dipati (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.161, Pupuh 127.29.1). (kembali) |
| 5 | Lebih satu suku kata dan biasanya guru lagu a. Bandingkan: marang ing pamanira (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 145.35.4); wau dhatêng kang paman (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 31.34.4); praptane ingkang paman (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 224.31.4). (kembali) |
| 6 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: Ki Măndaraka anangis (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 145.35.5); Măndaraka mara nangis (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 31.34.5). (kembali) |