Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
127 dari 170
564–565 dari 856
5.637–5.646 dari 8.560
127.028 duk sêmana sêntana ing Kasindurjan | luguh mantri panumpi[1] | aran Madaraka[2] | sanaking-sanak Sindurja |[3] matur ing Ki Adipati | Urawan ika | arsa bujuk lêboni ||
127.029 ingidenan marang Dipata[4] Urawan | pan sampun tigal kêris | sigra mènèk bata | Ngabèi Măndaraka | prapta ngigil dèn uluri | wus praptèng ngandhap | kagyat kang aningali ||
127.030 Radèn Sukra sêmana mangku talêmpak | ingayap mring [[f. 490r]] wong Bugis | kagyat duk umiyat | marang ing pamaning rèki |[5] Măndaraka anangis |[6] dhuh sutaniwang | kayapa sira gusti ||
127.031 nora ngeman maring wong atuwanira | uwakira nèng jawi | Dipati Urawan | dhawuhakên timbalan | yèn sira tobat sayêkti | pan ingapura | marang sri narapati ||
127.032 ngaturêna tobat maring uwakira | sakyèhing wadya Bugis | padha sigahêna | katon tumêmênira | pan wus karsaning Yyang Widi | radèn agampang | wong Bugis dèn tundhungi ||
127.033 regol sampun winênganan Bugis mêdal | Urawan angundhangi | aja na sikara | marang wong Bugis samya | Ki Urawan manjing kori | lan Wiradigda | Radèn Sukra ngabêkti ||
127.034 wus cinandhak dhuwunge mring Wiradigda | sigra dipun cêkêli | dening pamanira | Ngabèi Măndaraka | Dipati Urawan angling | hèh sutaniwang | paran karsaning rèki ||
127.035 lamun sira ngulun arsa agêsang |[7] ramanira kang mati | yèn sira palastra | kêna ing ukumollah | ramanira ikang urip | sira piliha | timbalane nrêpati ||
127.036 lamun sira nyawa amiliha gêsang | wong tuwa nênggalangi | dadi tanpa karya | ugyaning anak-anak | ramanta tuna sayêkti | aduwe suta | têmah amalês pati ||
127.037 ramanira pinêjah i dalêm pura | marga ing sira iki | ya ta Radèn Sukra | umatur saha sêmbah | kula uwa kang ngandhêmi | anging pun rama | sampun olasan[8] benjing ||
564–565 dari 856

 


panumping (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.161, Pupuh 127.28.2; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 31.32.2; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 145.33.2; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 224.28.2). (kembali)
Măndaraka (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.161, Pupuh 127.28.3; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 31.32.3; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 145.33.3; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 224.28.3). (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: santana naking-sanak Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 31.32.4; nak ing sanak Sindurja (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 145.33.4); kaprênah naking-sanak (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 224.28.4). (kembali)
Dipati (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.161, Pupuh 127.29.1). (kembali)
Lebih satu suku kata dan biasanya guru lagu a. Bandingkan: marang ing pamanira (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 145.35.4); wau dhatêng kang paman (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 31.34.4); praptane ingkang paman (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 224.31.4). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: Ki Măndaraka anangis (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 145.35.5); Măndaraka mara nangis (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 31.34.5). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: lamun sira arêp gêsang ramanira (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 31.39.1); lamun sira sutèng ulun arsa gêsang (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 145.39.1). (kembali)
Bandingkan: dinosan (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 145.41.7). (kembali)