Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
127 dari 170
562 dari 856
5.611–5.620 dari 8.560
127.002 sisih samya para Pinilih mantrinya | Panèkêt ing wuri ji | ngampil-ampil samya | Jataka Jagasura | sikêp ganjur amêrapit | lan Maondara | Nirbaya sikêp karbin ||
127.003 Brajanala asisih lan Wirabraja | Kartiyasa asisih | lan wong Wisamarta | Patrayuda Kanoman | Jagabaya anisihi | wong Nyakragnyana | Kêbayan lan Miyanggi ||
127.004 wong Anutra panah pasikêpanira | Martalulut asisih | lan Singanêgara | Gandhèk lan Mantri Mudha | Kêtagung[1] kalawan Miji | samya nèng ngarsa | Suranata lan Carik ||
127.005 Pratiwa jro jawi samya dhèr ing ngarsa | sangêt runtikira ji | yèn tan palastraa | Sukra sami sadina | natarsa tindak pribadi | para prawira | jawi miwah pasisir ||
127.006 măncanagri miwah Adipati Sampang | ngalun-alun abaris | sri nata ngandika | hèh Sumabrata paran | wartane jaba si patih | Ki Sumabrata | umatur awotsari ||
127.007 abdi dalêm inggih pun Arya Sindurja | ing mangke supèng gusti | tan emut kawula | sangêt trasnaning[2] putra | tansah ing pangkyan kang dasih | baris malatar | ngandika sru sang aji ||
127.008 kêbutêna sakèh barising dipatya | duka ji lir sinipi | matur Sumabrata | rinta Dyan Ayu Pucang | tinimbalan maring puri | nata ngandika | Wilaja myanga aglis ||
127.009 timbalana rènisun Dyan Ayu Pucang | lawan Pratiwa jawi | kabèh lumakua | lawan măncanêgara | tanapi bala pasisir | padha ngêpunga | ing Kasindurjan aglis ||
127.010 pan gumulung sagunging gêgaman muntab [[f. 489r]: mu...ntab] | mring Kasindurjan aglis | Suwănda Wilaja | jumrajog mring jro prapta | wus panggya lan radyan patih | wadya gung prapta | lajêng angêpung kikis ||
127.011 agya nyai andhawuhakên timbalan- | ira sri narapati | hèh radèn tampia | timbalane narendra | putranira iku kêni | ing kukumollah | pinundhut ing sang aji ||
562 dari 856

 


Kêtanggung (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.159, Pupuh 127.4.5). (kembali)
trêsnaning (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.159, Pupuh 127.7.4). (kembali)