Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
127–128 dari 170
565–566 dari 856
5.646–5.655 dari 8.560
127.037 ramanira pinêjah i dalêm pura | marga ing sira iki | ya ta Radèn Sukra | umatur saha sêmbah | kula uwa kang ngandhêmi | anging pun rama | sampun olasan[1] benjing ||
127.038 angamungna badan kawula priyoga | uwa ikang nglabuhi | amba titip uwa | lujênge [[f. 490v]] ri paduka | pun rama saukur mami | dèn apuraa | sampun kabêktèng mami ||
127.039 anauri wau Dipati Urawan | yya sira walang adi[2] | nêmbah Radèn Sukra | uwa pêjah kawula | sampun andika wêsèni | sakarsa uwa | amrih ing pati mami ||
127.040 sigra ngambil wau Dipati Urawan | upas myang darubêksi | sampun pinakanan | wau Rahadèn Sukra | sagung upas ikang mandi | datan tumama | racun myang darubaksi[3] ||
127.041 prapta malih timbalan saking jro pura | katur dèrèng ngêmasi | wanti-wanti prapta | Gandhèk katundha-tundha | kaku tyasira Dipati | Urawan lawan | Tumênggung Widigdèki ||
127.042 tuwin sira Ki Ngabèi Măndaraka | sigra dèn ukêl aglis | rambutira Sukra | gulune wus dèn indak[4] | binêthot sampun malirik | dèn indak-idak | Sukra wus angêmasi ||
127.043 gilang-gilang kunarpa ing palataran | wau Ki Adipati | Urawan wus mêdal | tuwin Ki Wiradigda | Măndaraka pan umiring | karasèng ing tyas | waspanya adrês mijil ||
128. Mijil
[Radèn Surapati ing Pasuruhan anata baris wadyanipun, lajeng bidhal mangilèn dumugi ing Panaraga. Wadya Kartasura dipunpandhégani pangéran Puger sami atata baris.[5]]
128.001 Ki Dipati Urawan wus prapti | sajawining regol | sigra dènnya bubarkên barise | myang Dipati Sampang Surawèsthi | badholakên baris | syarane gumuruh ||
128.002 pra dipati samya tur upaksi | tumamèng kadhaton | prapta ing panangkilan ing lampahe |[6] sampun katur marang sri bupati | kalih dèn timbali | tumamèng kadhatun ||
128.003 Ki Urawan lawan Sang Dipati | Sampang prapta ing jro | sri narendra asru timbalane | kayaparan Si Sukra [[f. 491r]] wus mati | Urawan ngabêkti | igih sampun lampus ||
565–566 dari 856

 


Bandingkan: dinosan (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 145.41.7). (kembali)
ati (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 31.43.2; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 145.43.2). (kembali)
darubêksi. Bandingkan: darubêsi (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 145.44.7); darubosi (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 31.44.7). (kembali)
idak (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.162, Pupuh 127.42.4; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 145.46.4). (kembali)
Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.163. (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: praptaning panangkilan lampahe (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 146.2.3). (kembali)