Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
127 dari 170
562–563 dari 856
5.612–5.621 dari 8.560
| 127.003 | Brajanala asisih lan Wirabraja | Kartiyasa asisih | lan wong Wisamarta | Patrayuda Kanoman | Jagabaya anisihi | wong Nyakragnyana | Kêbayan lan Miyanggi || |
| 127.004 | wong Anutra panah pasikêpanira | Martalulut asisih | lan Singanêgara | Gandhèk lan Mantri Mudha | Kêtagung[1] kalawan Miji | samya nèng ngarsa | Suranata lan Carik || |
| 127.005 | Pratiwa jro jawi samya dhèr ing ngarsa | sangêt runtikira ji | yèn tan palastraa | Sukra sami sadina | natarsa tindak pribadi | para prawira | jawi miwah pasisir || |
| 127.006 | măncanagri miwah Adipati Sampang | ngalun-alun abaris | sri nata ngandika | hèh Sumabrata paran | wartane jaba si patih | Ki Sumabrata | umatur awotsari || |
| 127.007 | abdi dalêm inggih pun Arya Sindurja | ing mangke supèng gusti | tan emut kawula | sangêt trasnaning[2] putra | tansah ing pangkyan kang dasih | baris malatar | ngandika sru sang aji || |
| 127.008 | kêbutêna sakèh barising dipatya | duka ji lir sinipi | matur Sumabrata | rinta Dyan Ayu Pucang | tinimbalan maring puri | nata ngandika | Wilaja myanga aglis || |
| 127.009 | timbalana rènisun Dyan Ayu Pucang | lawan Pratiwa jawi | kabèh lumakua | lawan măncanêgara | tanapi bala pasisir | padha ngêpunga | ing Kasindurjan aglis || |
| 127.010 | pan gumulung sagunging gêgaman muntab [[f. 489r]: mu...ntab] | mring Kasindurjan aglis | Suwănda Wilaja | jumrajog mring jro prapta | wus panggya lan radyan patih | wadya gung prapta | lajêng angêpung kikis || |
| 127.011 | agya nyai andhawuhakên timbalan- | ira sri narapati | hèh radèn tampia | timbalane narendra | putranira iku kêni | ing kukumollah | pinundhut ing sang aji || |
| 127.012 | Dyan Sindurja ajêtung[3] ngêkêp kang putra | tansah dipun arasi | marma tan kêna pisah |[4] kêdyah ngrêbasèng pura | ngamuk ing Pangran Dipati | atur dyan patya | nuhun dukaning aji || |
562–563 dari 856
| 1 | Kêtanggung (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.159, Pupuh 127.4.5). (kembali) |
| 2 | trêsnaning (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.159, Pupuh 127.7.4). (kembali) |
| 3 | anjêtung (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.160, Pupuh 127.12.1). (kembali) |
| 4 | Lebih satu suku kata: marma tan kêna sah. (kembali) |