Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
128 dari 170
566–567 dari 856
5.656–5.665 dari 8.560
| 128.004 | Si Sindurja luwarana aglis | Urawan wotsinom | sri narendra angindika[1] kiye | hèh adhimas ing Sampang kris iki | paringêna aglis | Si Sindurja iku || |
| 128.005 | sigra nêmbah ki dipati mijil | wus prapta ing kagok | wus apanggih lan sira Rahadèn | Arya Sindurja wus dèn dhawuhi | timbalan narpati | ingapura sampun || |
| 128.006 | dhuwungira sampun dèn tampani | wus ingage alon | mêdal saking ing jro pura age | Urawan lawan Sang Adipati | Sampang pan umiring | marang dalêmipun || |
| 128.007 | sêngkalane ingetang panugil[2] | duk panggih sang anom | lawan Kanjêng Pangran Dipatya Nom |[3] apan maksih tugal ikang warsi | mêngkana winarni | layon kalihipun || |
| 128.008 | sapraptane ing dalêming rèki | Sindurêja dongong | mulat ikang suta kunarpane | mênggah-mênggah asabil ing ati | wau ki dipati | ing Sampang angrapu || |
| 128.009 | kakang sampun karsaning Yyang Luwih | sampun winiraos | pati urip kakang wus takdire | datan kêna manusya amilih | apan wus pinasthi | karsane Yyang Agung || |
| 128.010 | sampun pinêtak kang layon sami | gêntya winiraos | wau Kanjêng Pangran Dipatya Nèm | alami tyas karasèng ing galih | wirangrong sang pêkik | sadalêming kalbu || |
| 128.011 | pan rinaos yèn dosane kêdhik | sedane langanom[4] | pan miyarsa warti ing yaktine | kawarnaa wau sri bupati | animbali Nyai | Suwănda ingutus || |
| 128.012 | maring Kapugêran mundhut aglis [[f. 491v]] | ing putrane anom | Radèn Ayu Ipun kêkasihe | lampahira Nyai Suwănda glis | Kapugêran prapti | tumanduk malêbu || |
| 128.013 | panggih lawan pangeran nujoni | pinarak ing gadhok[5] | ikang garwa amarêk kalihe | tuwin wau pangran ari kalih | Nyai Suwănda glis | dhawuhakên wuwus || |
566–567 dari 856
| 1 | angandika (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.163, Pupuh 128.4.3). (kembali) |
| 2 | pan nunggil (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.163, Pupuh 128.7.1). Bandingkan: anunggil (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 146.7.1; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 32.7.1). (kembali) |
| 3 | Biasanya guru lagu e. Bandingkan: nèm (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 32.7.3; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 146.7.3). (kembali) |
| 4 | sang anom (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.163, Pupuh 128.11.2; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 146.11.2). (kembali) |
| 5 | gandhok (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.164, Pupuh 128.13.2; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 146.13.2). (kembali) |