Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
128 dari 170
571–572 dari 856
5.703–5.712 dari 8.560
128.051 sri narendra angandika manis | lan têkaning musoh[1] | pratelakêna tanah ênggone | Pranaraga ikang dèn êbroki | wong wetan kang prapti | pamuk patang èwu ||
128.052 lawan ikang sun tuduh nindaki | nindhihi palugon | adhi êmas Pugêr apadene | wadyèng Kartasura sun para tri | kang rong duman ngiring | si adhi anglurug ||
128.053 kang saduman atêngga nêgari | sarwi isun kakon | angusungi bêdhil isun kabèh | sakarine kang ana Mêtawis | sun gawèng nêgari | Sindurja wotsantun ||
128.054 wus anuduh kêkalih pra mantri | kang badhe kinongkon | mring Sêmarang lajyènga parane | sri narendra adangu tinangkil | kondur malbèng puri | ginêrbêg para rum ||
128.055 lir Bathara Endra ginarêbêg dening |[2] pra widadaryyanom | praptèng Sitigil sang narpa nolèh | hèh Suwănda timbalana adhi | ing Pugêr dèn aglis | lan Sindurêjèku [[f. 494r]] ||
128.056 katri lawan adhimas dipati | ing Sampang maring jro | Ni Suwanda tumurun ge-age | sapraptane wau Păncaniti | sira pratiwa tri | dhinawuhan wuwus ||
128.057 kerid marang Ni Suwănda katri | wus prapta kadhaton | sri narendra mugèng prabayêksane |[3] wau sira kang bupati katri | ngandika nrêpati | dèn kaparèng ngayun ||
128.058 nadyan anêmbah sira pratiwa tri |[4] majyèng ngarsa katong | sri narendra alon andikane | kayaparan dhimas ingong tari | tuwin sira kalih | paran ing karsèku ||
128.059 dening panagihe wong Kumpêni | wanti-wanti mringong | lamun besuk ana prapta manèh | layang panagih têka Batawi | apa ngong sauri | utang isun sagup ||
128.060 Jêng Pangeran Pugêr matur aris | lakung karsa katong | datan kenging nglakungi karsane | sri narendra angandika aris | hèh pikirên adhi | sira pan katêmpuh ||
571–572 dari 856

 


Bandingkan: mungsoh (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.166, Pupuh 128.51.2). (kembali)
Lebih dua suku kata. Bandingkan: lir Bathara Endra ginêrbêg ing (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 146.56.1). (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: sri nalendra ing prabayêksane (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 146.58.3). (kembali)
Lebih satu suka kata. Bandingkan: manêmbah majêng kang prawara tri (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 32.57.1); dyan manêmbah sira pratiwa tri (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 146.59.1). (kembali)