Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
128 dari 170
571–572 dari 856
5.707–5.716 dari 8.560
128.055 lir Bathara Endra ginarêbêg dening |[1] pra widadaryyanom | praptèng Sitigil sang narpa nolèh | hèh Suwănda timbalana adhi | ing Pugêr dèn aglis | lan Sindurêjèku [[f. 494r]] ||
128.056 katri lawan adhimas dipati | ing Sampang maring jro | Ni Suwanda tumurun ge-age | sapraptane wau Păncaniti | sira pratiwa tri | dhinawuhan wuwus ||
128.057 kerid marang Ni Suwănda katri | wus prapta kadhaton | sri narendra mugèng prabayêksane |[2] wau sira kang bupati katri | ngandika nrêpati | dèn kaparèng ngayun ||
128.058 nadyan anêmbah sira pratiwa tri |[3] majyèng ngarsa katong | sri narendra alon andikane | kayaparan dhimas ingong tari | tuwin sira kalih | paran ing karsèku ||
128.059 dening panagihe wong Kumpêni | wanti-wanti mringong | lamun besuk ana prapta manèh | layang panagih têka Batawi | apa ngong sauri | utang isun sagup ||
128.060 Jêng Pangeran Pugêr matur aris | lakung karsa katong | datan kenging nglakungi karsane | sri narendra angandika aris | hèh pikirên adhi | sira pan katêmpuh ||
128.061 ari matur yèn karsa kaka ji | gih lêhêng pinagok[4] | tanpa damêl dadosing icale | ing Carêbon ing Pasundhan tuwin | Sindurja nambungi | rakanta kang sanggup ||
128.062 amaringi ajining Kumpêni | kang pêjah palugon | lawan amaringi bêlanjane | ikang binêkta andon ajurit | rakanta nrêpati | ing nguni sumanggup ||
128.063 kados punapa ênggèn anglèsi | pangran ngandika lon | boya angèl Sindurja saure | sira bae iku anauri | kabèh ing rat Jawi | kagungane ratu ||
128.064 wong Kumpêni abantu ngajurit | kangmas madêg [[f. 494v]: madê...g] katong | apan uwi[5] anêmu untunge | ing Carêbon ing Pasundhan tuwin | wêwênang pinaring | dening kakang prabu ||
571–572 dari 856

 


Lebih dua suku kata. Bandingkan: lir Bathara Endra ginêrbêg ing (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 146.56.1). (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: sri nalendra ing prabayêksane (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 146.58.3). (kembali)
Lebih satu suka kata. Bandingkan: manêmbah majêng kang prawara tri (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 32.57.1); dyan manêmbah sira pratiwa tri (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 146.59.1). (kembali)
pinogok (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 32.60.2). (kembali)
uwis (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.167, Pupuh 128.64.3; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 146.65.3). Bandingkan: wis (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 32.63.3). (kembali)