Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
128 dari 170
572–573 dari 856
5.712–5.721 dari 8.560
128.060 Jêng Pangeran Pugêr matur aris | lakung karsa katong | datan kenging nglakungi karsane | sri narendra angandika aris | hèh pikirên adhi | sira pan katêmpuh ||
128.061 ari matur yèn karsa kaka ji | gih lêhêng pinagok[1] | tanpa damêl dadosing icale | ing Carêbon ing Pasundhan tuwin | Sindurja nambungi | rakanta kang sanggup ||
128.062 amaringi ajining Kumpêni | kang pêjah palugon | lawan amaringi bêlanjane | ikang binêkta andon ajurit | rakanta nrêpati | ing nguni sumanggup ||
128.063 kados punapa ênggèn anglèsi | pangran ngandika lon | boya angèl Sindurja saure | sira bae iku anauri | kabèh ing rat Jawi | kagungane ratu ||
128.064 wong Kumpêni abantu ngajurit | kangmas madêg [[f. 494v]: madê...g] katong | apan uwi[2] anêmu untunge | ing Carêbon ing Pasundhan tuwin | wêwênang pinaring | dening kakang prabu ||
128.065 alêloji apan dèn turunti[3] | apasisir kang lor | ing Jêpara Têg[4] Sêmarange |[5] ora nana panêbasi[6] bumi | dagang layar olih | wong akèh atakut ||
128.066 iku dudu bawaning Kumpêni | pan bawaning katong | yèn amaksih iya pananggihe[7] | angambanga bae ing jaladri | bumi dèn anciki | banyu kang dèn inum ||
128.067 akèh jine iya bumi Jawi | dèn ambah liyan wong | sukêt gadhonge sapa kang duwe | lawan olih kèringan pasisir | wong Jawa tan wani | pitênah rubiru ||
128.068 apan iku iya kuwasaning | kang umadêg katong | dyan sumambung Dipati Sampange | igih lêrês panitihe ugi | apan wong Kumpêni | nèng Jawa bêburuh ||
128.069 yèn wus olih buruhane mulih | lungaa dèn adoh | aja ngancik lêmah Jawa manèh | awangsula marang ing Batawi | mung iku kang uwis | linilan kêkuwu ||
572–573 dari 856

 


pinogok (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 32.60.2). (kembali)
uwis (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.167, Pupuh 128.64.3; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 146.65.3). Bandingkan: wis (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 32.63.3). (kembali)
turuti (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.167, Pupuh 128.65.1; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 146.66.1). (kembali)
Têgal (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 32.64.3; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 146.66.3). Bandingkan: teka (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.167, Pupuh 128.65.3). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: ing Japara Têgal Samarange (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 32.64.3); ya Jêpara Têgal Sêmarange (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 146.66.3). (kembali)
panêbasing (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.167, Pupuh 128.65.4; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 32.64.4; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 146.66.4). (kembali)
panagihe (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.167, Pupuh 128.66.3; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 32.65.3; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 146.67.3). (kembali)