Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
128 dari 170
572–573 dari 856
5.718–5.727 dari 8.560
| 128.066 | iku dudu bawaning Kumpêni | pan bawaning katong | yèn amaksih iya pananggihe[1] | angambanga bae ing jaladri | bumi dèn anciki | banyu kang dèn inum || |
| 128.067 | akèh jine iya bumi Jawi | dèn ambah liyan wong | sukêt gadhonge sapa kang duwe | lawan olih kèringan pasisir | wong Jawa tan wani | pitênah rubiru || |
| 128.068 | apan iku iya kuwasaning | kang umadêg katong | dyan sumambung Dipati Sampange | igih lêrês panitihe ugi | apan wong Kumpêni | nèng Jawa bêburuh || |
| 128.069 | yèn wus olih buruhane mulih | lungaa dèn adoh | aja ngancik lêmah Jawa manèh | awangsula marang ing Batawi | mung iku kang uwis | linilan kêkuwu || |
| 128.070 | parandene barang sakaliring | têngahing palugon | nora uwis ing Wêlănda dhewe | ukur-ukur iya angêtêbi | kang atalang jurit | tan lyan wong Jawèku || |
| 128.071 | sri narendra mèsêm ngandika ris | iya iku pêngkoh | yèn marambat Wêlănda karêpe | yèn ala sun malês angalani | yèn tan ana amrih | ing jaji sun tulus || |
| 128.072 | yèn tan narimaa wong Kumpêni | ngêmpèk-êmpèk ingong | pasthi kono sêdhêng tundhungane | wong Wêlănda têka tanah Jawi | yèn bêcik sun [[f. 495r]: su...n] eling | ing wirayatipun || |
| 128.073 | kanjêng eyang sultan ing Matawis | amêca duk ingong | durung babar ana wirayate | lamun abala bacingah mami | wus pinanggih mangkin | ing wirayatipun || |
| 128.074 | hèh Sindurja iyèku dèn eling | agêr-agêr[2] ingong | ana yèn katêmua ing dhewe | Wlanda si petor kumêndur benjing | Sindurja wotsari | sandika pukulun || |
| 128.075 | angandika wau sri bupati | mring kang rayi alon | lakunira yèn prapta ing têmbe | musuhira tonjokên ing tulis | gawea pêpatih | aja kêmba nglaku |[3]| |
572–573 dari 856
| 1 | panagihe (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.167, Pupuh 128.66.3; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 32.65.3; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 146.67.3). (kembali) |
| 2 | anggêr-anggêr (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.168, Pupuh 128.74.2; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 32.73.2; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 146.75.2). (kembali) |
| 3 | Bandingkan: aja kêmbang laku (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.168, Pupuh 128.75.6); ja kêmba ing pupuh (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 32.74.6); aja kêmbèng laku (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 146.76.6). (kembali) |