Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
128 dari 170
569–570 dari 856
5.682–5.691 dari 8.560
| 128.030 | Dêmang Gêmpung lan Răngga Jaladri | Răngga Panatasron | warna-warna pra mantri wadyane | dalêm Jayaningrat mugèng wuri | sawadyaning rèki | kabèh sikêp tulup || |
| 128.031 | tiga bêlah èwu winatawis | prajurit kang andon | pan kajawi pêpikulan ngabong |[1] ikang samya nêkêli turanggi | sira pra prajurit | prawara nung-anung || |
| 128.032 | tan winarna lampahirèng margi | ginêlak punang wong | pan wus prapta kidul Selamanglèng | palabuhan sampun dèn sabrangi | panganjuring baris | wus ngancik Madiun || |
| 128.033 | para mantri ing măncanêgari | tan watên kang tagon | wadya bagna tilar nêgarane | baris agêng prapta Pranaragi | gègèr wadya alit | samya ngusi gunung || |
| 128.034 | ana ikang angusi wanadri | lakung susahnya wong | kang sawanèh lugyèng jurang pèrèng | ing parang rong kang samya dèn usi | myang tiris taritis | tan wrin polahipun || |
| 128.035 | kitha Pranaraga dèn êbroki | Ki Ngabèi Êlor | lan pra mantri sakancanya kabèh | pangarsanira pan sampun têbih | pan satêngah ari | lawan baris agung || |
| 128.036 | ênêngêna kang lagya abaris | gênti winiraos | sri narendra ing Kartasurane | enjang siniwèng ing Păncaniti | pratiwandhèr ngarsi | prawara Nung-anung || |
| 128.037 | Magêrsari Kaparak marapit | kang ampilan ambyor | Priyataka ing ngarsa ênggone | Saragêni ikang anambungi | gandera angapit | gula kalapèku || |
| 128.038 | wong Nirbaya mugèng kanan kering | Pinilih tan adoh | apan samya Pinilih jajare | Wirabraja Brajanala kering | Kartiyasa nênggih | Wiramarta ngayun || |
| 128.039 | Mangundara Miyăngga nisihi [[f. 493r]] | nèng ngarsa tan adoh | Patrayuda Kanoman sisihe | Jagabaya Nyakragnyana kering | Wirapracandhèki | Nutra lawan Mandhung || |
569–570 dari 856
| 1 | Biasanya guru lagu e. Bandingkan: ngobèng (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 146.31.3). (kembali) |