Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
128 dari 170
569–570 dari 856
5.684–5.693 dari 8.560
128.032 tan winarna lampahirèng margi | ginêlak punang wong | pan wus prapta kidul Selamanglèng | palabuhan sampun dèn sabrangi | panganjuring baris | wus ngancik Madiun ||
128.033 para mantri ing măncanêgari | tan watên kang tagon | wadya bagna tilar nêgarane | baris agêng prapta Pranaragi | gègèr wadya alit | samya ngusi gunung ||
128.034 ana ikang angusi wanadri | lakung susahnya wong | kang sawanèh lugyèng jurang pèrèng | ing parang rong kang samya dèn usi | myang tiris taritis | tan wrin polahipun ||
128.035 kitha Pranaraga dèn êbroki | Ki Ngabèi Êlor | lan pra mantri sakancanya kabèh | pangarsanira pan sampun têbih | pan satêngah ari | lawan baris agung ||
128.036 ênêngêna kang lagya abaris | gênti winiraos | sri narendra ing Kartasurane | enjang siniwèng ing Păncaniti | pratiwandhèr ngarsi | prawara Nung-anung ||
128.037 Magêrsari Kaparak marapit | kang ampilan ambyor | Priyataka ing ngarsa ênggone | Saragêni ikang anambungi | gandera angapit | gula kalapèku ||
128.038 wong Nirbaya mugèng kanan kering | Pinilih tan adoh | apan samya Pinilih jajare | Wirabraja Brajanala kering | Kartiyasa nênggih | Wiramarta ngayun ||
128.039 Mangundara Miyăngga nisihi [[f. 493r]] | nèng ngarsa tan adoh | Patrayuda Kanoman sisihe | Jagabaya Nyakragnyana kering | Wirapracandhèki | Nutra lawan Mandhung ||
128.040 Martalulut lan Singanêgari | Gandhèk Mantri Anom | Patranala lan Darpahitane | Suranata ajajar lan Carik | ugyan tan atêbih | lawan sang aprabu ||
128.041 pra pratiwa prawarandhèr ngarsi | mugèng ngarsa katong | ari nata tri mugèng ngarsane | Jêng Pangeran Pugêr mugyèng[1] ngarsi | lan Arya Matawis | myang Panularipun ||
569–570 dari 856

 


munggyèng (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.165, Pupuh 128.41.4). Bandingkan: munggèng (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 146.41.4). (kembali)