Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
128 dari 170
570 dari 856
5.691–5.700 dari 8.560
| 128.039 | Mangundara Miyăngga nisihi [[f. 493r]] | nèng ngarsa tan adoh | Patrayuda Kanoman sisihe | Jagabaya Nyakragnyana kering | Wirapracandhèki | Nutra lawan Mandhung || |
| 128.040 | Martalulut lan Singanêgari | Gandhèk Mantri Anom | Patranala lan Darpahitane | Suranata ajajar lan Carik | ugyan tan atêbih | lawan sang aprabu || |
| 128.041 | pra pratiwa prawarandhèr ngarsi | mugèng ngarsa katong | ari nata tri mugèng ngarsane | Jêng Pangeran Pugêr mugyèng[1] ngarsi | lan Arya Matawis | myang Panularipun || |
| 128.042 | Radèn Arya Sindurja anangkil | ajajar tan adoh | lawan adipati ing Sampange | tuwin Adipati Surawèsthi | Ki Urawan nangkil | nênggih jajaripun || |
| 128.043 | Ki Tumênggung Wirawidigdèki | banjêngira lugoh[2] | Makuyuda lan Natayudane | pratiwèng jro Sumabrata nangkil | myang Wirarêjèki | Mangunêgarèku || |
| 128.044 | Suratani mugèng ngarsa aji | lan pasisir kulon | Banjêng Tumênggung Dêmak jajare | Radèn Arya Sindurja wotsari | amba tur upêksi | mêngsah wetan rawuh || |
| 128.045 | Pranaragi kithanya dèn broki | gègèr tanpa tagon | winatawis wong wetan barise | tigang èwu cacahing prajurit | kalêbêt pakathik | kados gangsal èwu || |
| 128.046 | sri narendra angandika aris | undhangana kang wong | dèn samêkta lan sadadanane | pratêlunên kang para dipati | tuwin para mantri | prawira Nung-anung || |
| 128.047 | adhi êmas sun tuduh pribadi | nindhihi palugon | pra dipatya angiringa kabèh | lawan sira Sindurêja aglis | awèha udani [[f. 493v]: u...dani] | marang si kumêndur || |
| 128.048 | iya pira lawase duk prapti | dutane si petor | ngaturakên layang kêkirime | jendral sarta lan para Rêp[3] Pêni | nênagih ing mami | lagya woh anglurug || |
570 dari 856
| 1 | munggyèng (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.165, Pupuh 128.41.4). Bandingkan: munggèng (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 146.41.4). (kembali) |
| 2 | lunggoh (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.166, Pupuh 128.43.2; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 146.43.2). (kembali) |
| 3 | Rat (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 146.48.4; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 32.46.4). (kembali) |