Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
129 dari 170
577–578 dari 856
5.770–5.779 dari 8.560
129.041 ikang nindhihi gêgaman | anakipun kalih pun Surapati | Lêmbu Lêmbora ranipun | mangkya sampun anabrang | palabuhan ing Caruban sampun rawuh | jêng pangeran lon ngandika | hèh kakang paran karsèki ||
129.042 matur Dipati Urawan | yèn suwawi pinêthuk ing ajurit | sitên kang sampeyan tuduh | pra dipati akathah | jêng pangeran pangandikanira arum | Si Tumênggung Janapura | lawan Si Tumênggung Têgil ||
129.043 Pamalang lawan ing Kêndhal | Kaliwungu sira mapaga jurit | hèh Sudira anak isun | sira kang nindhihana | nêmbah matur radyan sandika turipun | tuwin sagung pra dipatya | sandika sarêng wotsari ||
129.044 lawan sira Makuyuda | Natayuda lah milua nak mami | kang liningan nêmbah matur | lèsèr saking ngayunan | pra dipatya sanega bêndhe angukung | wus tata sawadyabala | budhal saking Pranaragi [[f. 498v]: Prana...ragi] ||
129.045 sagunge para dipatya | Radèn Suryakusuma ikang nindhihi |[1] syaraning wadya gumuruh | Tumênggung Janapura | ing Jêpara wau kinarya panganjur | gêgaman abra asinang | Sragêni tri atus ngarsi ||
129.046 Rahadèn Suryakusuma | mugèng têngah măngka tuguling baris | anyirig turangganipun | putih alyir badhaya | sira radèn sinosongan kartas biru | yèn sinawang polahira | lir putra Ngawănggapati ||
129.047 lampahing baris sinêrang | wus anabrang Kali Dhadhung kang baris | watêsing Caruban rawuh | ya ta wong Pasuruhan | wus miyarsa yèn binanjêl barisipun | mêdal saking pasanggrahan | têngara anata baris ||
129.048 pan sampun ayun-ayunan | Radèn Lêmbu Lêmbora nindhihi baris |[2] bêndhe tinitir angukung | sigra wadya mawantah | Janapura kang mugèng ngarsa anêmpuh | wadyèng Jêpara atadhah | arame bêdhil-binêdhil ||
129.049 pra tumênggung kang pangawat | angêbyuki bêdhil saking ing kering | ya ta sinapan tri atus | wong Têgal sarêng munya | sarêng lawan Suraking bala gumuruh | campur pangriking turăngga | lir kocaking jalanidi ||
129.050 Rahadèn Suryakusuma | ya ta maring wadya nêngah ing jurit | sinabêt [[f. 499r]: sina...bêt] turăngga mamprung | wus nêngah ing payudan | Makuyuda Natayuda kagyat dulu | radèn ingampah tan kêna | dadya kalih anglabuhi ||
577–578 dari 856

 


Lebih satu suku kata. Bandingkan: Radèn Suryakusuma kang nindhihi (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 147.45.2). (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: Radèn Lêmbu Lêmbara kang nindhihi (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 147.48.2); Radèn Lêmbu Lêmbora anindhihi (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 33.44.2). (kembali)