Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
129–130 dari 170
578–579 dari 856
5.780–5.789 dari 8.560
| 129.051 | turangganira rahadyan | Samirana paningaling wadya alit |[1] pan saasta luwuripun | bênggange nèng pratala | dyan gumulung kabyah kang pra Anung-anung | mawantah mangrurah lawan | satru bagna luyut lari || |
| 129.052 | Rahadyan Lêmbu Lêmbora | apan lalya wadya bagna tan pulih | kêndêl nyalimpêt wana gung | kang maksih wadyanira | mănca sowang sêmana kasaput dalu | mundur wadyèng Kartasura | Caruban lêrêb salatri || |
| 129.053 | enjinge anulya budhal | tan winarna praptèng ing Pranaragi | umarêk ing rama sampun | tuwin sagung dipatya | Jêng Pangeran Pugêr angandika arum | kapriye ing yudanira | basukine kang wadya lit || |
| 129.054 | sang liningan datan wawang | saha mangênjali raharjèng jurit | satru tan wawang suh sumyur | jêng pangran mirsa tustha | ya ta wau Lêmbu Lêmbora winuwus | ing latri mring pasanggrahan- | ira măngka senapati || |
| 129.055 | saha mawarta dinuta | dening ramanira syahkên upêkti | praptèng ing pakuwon dalu [[f. 499v]] | panggya lan jêng pangeran | bêbêktane samoa pan sampun katur | lan kaatur ing narendra | tuwin ing pangran dipati || |
| 129.056 | liring pèni-pèninira | Pasêdhahan katur ing sri bupati | pratmaja duta wotsantun | sêmbahipun pun bapak | kaatura sampeyan tuwin sang prabu | kang sapangat naradhipa | mya[2] jêng panduka pinundhi || |
| 129.057 | lèngsèr kang tanaya duta | wayah madya kulêm samya lumaris | wus umasuk ing wana gung | lawan wadya sadasa | ngalor ngetan ari ing Caruban rawuh | tan kandhêg ing lampahira | tanaya duta ginêndhis [[f. 500r]] || |
| 130. Dhangdhang | |
| [Radèn ayu Ipun, rayinipun dyah ayu Lembah kagarwa pangéran adipati anom. Patih Sindureja séda, kyai Sumabrata ingkang anggentosi patih. Pangéran Mengkurat séda, pangéran adipati anom Mengkunagara ingkang anggentosi jumeneng nata.[3]] | |
| 130.001 | salaminya anandhang kêkêling | Sri Narendra Mêngkungrat punika | kalakung sangêt gêrahe | mapan agrahe lumpuh | sampeyannya tan sagêd osik | atêr wong sajro pura | maras ing tyasipun | alami tan sinewaka | Radèn Arya Sindurja tikbra ing galih | tuwin Pangran Dipatya || |
| 130.002 | kang anglurug samya dèn timbali | Mantri Anom sakawan lumampah | datan kawarna lampahe | ing Pranaraga rawuh | lan pangeran sampun pinanggih | dhinawuhan timbalan- | ira sang aprabu | pangran ingaturan wikan | lamun gêrah kang raka sri narapati | pangran kapitèng driya || |
| 130.003 | gupuh dènnya ngundhangi wadya lit | Ki Urawan wus sinungan wikan | tuwin pra dipati kabèh | têngara budhal sampun | pan ginêlak lampahing baris | siyang dalu lumampah | tan kawarnèng ênu | wus prapta ing Kartasura | jêng pangeran lajêng tumamèng jro puri | wus panggih lan narendra || |
578–579 dari 856
| 1 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Samipana [Samirana] paningale wadya lit (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 147.51.2). (kembali) |
| 2 | myang (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.174, Pupuh 129.56.7; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 147.56.7). (kembali) |
| 3 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.175. (kembali) |