Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
129 dari 170
576–577 dari 856
5.754–5.763 dari 8.560
129.025 akêkuwu kithanira | pan alami wong wetan nèng Kadhiri | lêt sapta latri angutus | nabrang ngilèn macalang | abêbahak[1] têlatah bumi Madiyun | lan Pacalang Kartasura | nèng Kartasana ajurit ||
129.026 sring binrêg wong Kartasura | binantonan wonge prasamya lari | yèn tinilar bantunipun | Pacalang wetan mênang | lamun têka bantune wong wetan larut | yèn mukur wong Kartasura | wong wetan anarutuli ||
129.027 ya ta wau Jêng Pangeran | Pugêr anèng kitha ing Pranaragi | apan ta sampun angutus | ing mantri tur uninga | yèn prang rame wadya kang pêjah ing pupuh | wong musuh kalawan rowang | kalih atus winatawis ||
129.028 duta prapta Kartasura | sampun katur dhatêng sri narapati | lakung sukanirèng kalbu | wau sri naradipa | Radèn Arya Sindurja sampun angutus | ing mantri marang Jêpara | awèh wêruh ing ajurit ||
129.029 amundhut bantu Wêlănda | yèn ing yuda rame akèh pêpati | wong Jawa pan kalih atus | kang matya ngadilaga | sêrat dalêm ing Jêpara sampun rawuh | Kapitan Wulkup wus undhang | ngundhangi para upêsir ||
129.030 kang para upsir wus prapta | Petor Bilman sêmana sampun prapti | ing loji sira kumêndur | sêrat wus kinurmatan | tinupiksa yèn sêrat mundhut bêbantu | ya ta Kumêndur Jêpara | mubêng dènira wèh paksi ||
129.031 marang petor ing Sêmarang | duk sêmana maksih petor kang jagani |[2] pan durung ana kumêndur | ikang loji Sêmarang | mung Jêpara anyar jinagan kumêndur | sajênêngira sang nata | ing Kartasura [[f. 497v]: Karta...sura] nêgari ||
129.032 sagung upêsir bicara | punang sêrat linaju mring Batawi | gêntia ikang winuwus | kang wontên pabarisan | Jêng Pangeran Pugêr akalangon nutug | saputra para wêdana | ing wana tuwin ing warih ||
129.033 apan lêt ing pitung dina | jêng pangeran angadu Pacalang nênggih |[3] arame buru-binuru | sabên-sabên ayuda | Kartasana ing Pace gènira campuh | ya ta wau kawuwusa | sira Radèn Surapati ||
129.034 pan wus ngaturan uninga | lamun ikang yuda wadya kalindhih | putra kalih kinèn bantu | Radèn Lêmbu kang tuwa | ikang anèm Radèn Lêmbora ranipun | kêkalih maksih jêjaka | binêktan sèwu prajurit ||
576–577 dari 856

 


ambêbahak (dan di tempat lain) (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 147.25.5). (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: ing Samawis maksih petor jagani (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 123.115.2). (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: jêng pangeran ngadu pacalang nênggih (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 147.33.2). (kembali)