Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
129 dari 170
576–577 dari 856
5.755–5.764 dari 8.560
| 129.026 | sring binrêg wong Kartasura | binantonan wonge prasamya lari | yèn tinilar bantunipun | Pacalang wetan mênang | lamun têka bantune wong wetan larut | yèn mukur wong Kartasura | wong wetan anarutuli || |
| 129.027 | ya ta wau Jêng Pangeran | Pugêr anèng kitha ing Pranaragi | apan ta sampun angutus | ing mantri tur uninga | yèn prang rame wadya kang pêjah ing pupuh | wong musuh kalawan rowang | kalih atus winatawis || |
| 129.028 | duta prapta Kartasura | sampun katur dhatêng sri narapati | lakung sukanirèng kalbu | wau sri naradipa | Radèn Arya Sindurja sampun angutus | ing mantri marang Jêpara | awèh wêruh ing ajurit || |
| 129.029 | amundhut bantu Wêlănda | yèn ing yuda rame akèh pêpati | wong Jawa pan kalih atus | kang matya ngadilaga | sêrat dalêm ing Jêpara sampun rawuh | Kapitan Wulkup wus undhang | ngundhangi para upêsir || |
| 129.030 | kang para upsir wus prapta | Petor Bilman sêmana sampun prapti | ing loji sira kumêndur | sêrat wus kinurmatan | tinupiksa yèn sêrat mundhut bêbantu | ya ta Kumêndur Jêpara | mubêng dènira wèh paksi || |
| 129.031 | marang petor ing Sêmarang | duk sêmana maksih petor kang jagani |[1] pan durung ana kumêndur | ikang loji Sêmarang | mung Jêpara anyar jinagan kumêndur | sajênêngira sang nata | ing Kartasura [[f. 497v]: Karta...sura] nêgari || |
| 129.032 | sagung upêsir bicara | punang sêrat linaju mring Batawi | gêntia ikang winuwus | kang wontên pabarisan | Jêng Pangeran Pugêr akalangon nutug | saputra para wêdana | ing wana tuwin ing warih || |
| 129.033 | apan lêt ing pitung dina | jêng pangeran angadu Pacalang nênggih |[2] arame buru-binuru | sabên-sabên ayuda | Kartasana ing Pace gènira campuh | ya ta wau kawuwusa | sira Radèn Surapati || |
| 129.034 | pan wus ngaturan uninga | lamun ikang yuda wadya kalindhih | putra kalih kinèn bantu | Radèn Lêmbu kang tuwa | ikang anèm Radèn Lêmbora ranipun | kêkalih maksih jêjaka | binêktan sèwu prajurit || |
| 129.035 | sami wadya gêgasingan[3] | putra kalih sampun winêling rêpit | binêktanan atur-atur | pêthèk bêrana mulya | sigra budhal saking Pasuruhan sampun | Rahadèn Lêmbu Lêmbora | gumrah syaraning wadya lit || |
576–577 dari 856
| 1 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: ing Samawis maksih petor jagani (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 123.115.2). (kembali) |
| 2 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: jêng pangeran ngadu pacalang nênggih (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 147.33.2). (kembali) |
| 3 | gêgangsingan (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 147.35.1; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 33.33.1). (kembali) |