Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
130 dari 170
582 dari 856
5.811–5.820 dari 8.560
130.025 ikang arsa jinujung pêpatih | pugawèng jro Kyai Sumabrata | sampun ingastrèn dadine | mring wadyabala agung | kang gêntosi niyakèng puri | Ki Ănggasuranata | wus jinujung luguh | agêntyani Sumabrata | sinung aran Tumênggung Wiragunèki | asisih Wirarêja ||
130.026 pan minăngka pêpatih jro sigih | patihirèng jawi Sumabrata | Jêng Pangran Dipati Anom | sinung wêwênang wau | amarentah para dipati | tuwin sagungi[1] wadya | pugawa nung-anung | dadya Patih Sumabrata | Wiraguna barang prakarèng nagari | tur wikan ing pangeran ||
130.027 tan antara ing sawarsa malih | Ki Dipati Urawan pralina | apan tan ana sutane | ampase pinartêlu | kang saduman Wirarêjèki | saduman Wiraguna | kang sadumanipun | Sarawadi Suranata | wus jinujung wadana dening nrêpati | saha sinungan aran ||
130.028 Ki Tumênggung Wirasastra nênggih | kang saduman ampas Kurawanan | Ki Wirasastra kang duwe | ya ta wau sang prabu | animbali putraning rèki | Pangeran Adipatya | prapta ing kadhatun | manêmbah angaras pada | sri narendra pangandikanira manis | dhuh nyawa putraniwang ||
130.029 dèn abêcik gènira akrami | lawan arinira Kapugêran | isun iki [[f. 503r]: i...ki] kaya êmèh | ana karsa Yyang Luhur | pamit isun saukur mami | mring Kang Amaha Mulya | aja kongsi kuwur | ing panjênênganira nata |[2] lêstaria aja na kang bècèng[3] pikir | lan kadang warganira ||
130.030 poma sutèng ulun ki dipati | pamanira dhimas Kapugêran | lan si adhi ing Sampange | kulanana satuhu | dèn awanti gènira mèt sih | wong roro iku uga | minăngka wêwêngku | jêjête Dipati Sampang | yèn têtampah jêjêt wêngku dèn kalisi | măngsa dadia wadhah ||
130.031 isun iki liwat saking watir | yèn tigala kaprabon ing sira | durung pracaya jatine | marma sun mandhêg mangu | yèn tan sira ngowah-owahi | saliring solahira | besuk sutèng ulun | rêpit prakaraning praja | akèh liring ratu măngka drêsananing | jalaraning Yyang Sukma ||
130.032 ikang putra ingandikan enjing | malah lisir dènira winulang | duk samya lugyèng panêpèn | Nitipraja winangun | tuwin Jayalêngkara surti | solahing astha brata | kang kinarya wuruk | ing paniti wantya-wantya | nisthani[4] kang prabu myang madyaning rèki | kaping tri utamanya ||
130.033 sang atmaja winardyèsmu tangis | tan kawêdal sadalêming driya | anêrka yèn sang ramajèng | sampe ing yusyanipun | ikang putra nêmbah dyan mijil | sapraptanirèng [[f. 503v]: saprapta...nirèng] luwar | kadipatèn rawuh | ya ta ing alama-lama | gênti warsa nata grah luntak rah sigih | praptèng antakanira ||
130.034 apan sampun karsaning Yyang Widi | gêrahira tan kêna ngusadan | sapta dina ing sedane | nuju ing dina Saptu | ing Kaliwon Dumadilakir | wayah sirêping raryya | tanggal tiga likur | taun Alip kang lumampah | sêngkalane ardi kalih rasa tugil |[5] otêr wong Kartasura ||
582 dari 856

 


sagunging (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.177, Pupuh 130.26.6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.24.6; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 230.26.6). (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: ing panjênêngira nata (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.27.8; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 148.29.8); ing jênêngira narendra (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 230.29.8). (kembali)
bèncèng (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 34.29.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.27.9; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 148.29.9; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 230.29.9). (kembali)
nisthaning (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 34.32.9). (kembali)
Tanggal: Saptu Kaliwon (Sêtu Kliwon) tiga likur (23) Dumadilakir (Jumadilakir) Alip: ardi kalih rasa tugil [tunggil] (AJ 1627). Tanggal Masehi: Minggu 4 November 1703. Perbedaan satu hari (Sêtu versus Minggu) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. Lihat juga: Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.36.4–9; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 148.34.4–9; gora padha otêr wong (AJ 1627) (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 34.34.9). (kembali)