Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
130 dari 170
579–580 dari 856
5.788–5.797 dari 8.560
| 130.002 | kang anglurug samya dèn timbali | Mantri Anom sakawan lumampah | datan kawarna lampahe | ing Pranaraga rawuh | lan pangeran sampun pinanggih | dhinawuhan timbalan- | ira sang aprabu | pangran ingaturan wikan | lamun gêrah kang raka sri narapati | pangran kapitèng driya || |
| 130.003 | gupuh dènnya ngundhangi wadya lit | Ki Urawan wus sinungan wikan | tuwin pra dipati kabèh | têngara budhal sampun | pan ginêlak lampahing baris | siyang dalu lumampah | tan kawarnèng ênu | wus prapta ing Kartasura | jêng pangeran lajêng tumamèng jro puri | wus panggih lan narendra || |
| 130.004 | sumêsêp ing rakanta nrêpati | manganjalinirèng ing suku sang | mangusapi ing lêbune | kang raka ngandika rum | kayaparan lakuning rèki | sang ari matur nêmbah | raharja pukulun | sang prabu malih ngandika | isun adhi kêna nglara tanpa kardi | lumpuh tan bisa obah || |
| 130.005 | kayaparan [[f. 500v]: ka...yaparan] karêpira adhi | apa ikang kinarya usada | kalintang dening sangête | sihing Yyang Maha Luhur | ikang rayi matur wotsari | tan ana narimaa | sihira Yyang rawuh | pitên banggi ta ing benjang | bokmênawi asal apuntên Yyang Widi | ing mangke tinarima || |
| 130.006 | Jêng Pangeran Pugêr wus umijil | saking pura kondur dalêmira | sinêngkalan ing gêrahe | sri narendra puniku | wong ningali obahing bumi |[1] sawarsa laminira | dènnya gêrah suku | ing lamine tan winarna | ing sawarsa waluyane sri bupati | egar wong Kartasura || |
| 130.007 | apan anadar sri narapati | yèn waluya gènira agêrah | nadar ngrampog sima akèh | lawan lêlumban wau | lawan sagung para dipati | marang sêgara yasa | iku nadaripun | ngrampog sampun kalampahan | sima kathah lajêng lêlumban nêrpati | anèng sagara yasa || |
| 130.008 | kacatur baya ngambilan dhingin | miwah bajul pan binaktèng mêntas | Radèn Sudira kang kinèn | dènira sang aprabu | pan cinatur lêbêting warih | kampuhe pinarêmas | datan mawi cucul | tan têlês kêna ing toya | babjul[2] kalih cinangking ing asta kering | mêntas maring dharatan || |
| 130.009 | samya cingak ikang aningali | digdayane Rahadèn Sudira | wong dalêm asuka kabèh | miwah wau sang prabu | nutug dènnya kasukan warih | kondure sri narendra | prapta ing kadhatun | sêmana tulus raharja | Kartasura ya ta ing alami-lami | wontên kang cinarita || |
| 130.010 | garwanira [[f. 501r]: gar...wanira] Pangeran Dipati | saking Ngoje sampun apêputra | sajuga pêkik warnane | lan watên sêliripun | saking tiyang Kambêng mêdali | antara tigang căndra | babare kang sunu | lan garwèng Ngoje punika | samya jalu putrane Pangran Dipati | kang sêpuh winastanan || |
| 130.011 | Radèn Mas Bumi dening kang rayi | Radèn Mas Panênggak kang sêpuh katêlah |[3] punika nênggih arane | iya Radèn Mas Sêpuh | tan kawastan Radèn Mas Bumi | nuli pêputra garwa | ing Ngoje puniku | igih miyos jalu ika | igih sami garwa saking Ngoje malih | punika winastanan || |
579–580 dari 856
| 1 | Tanggal: wong ningali obahing bumi (AJ 1621). Tahun AJ 1621 jatuh antara tanggal Masehi: 21 Juli 1697 sampai dengan 9 Juli 1698. Lihat juga: Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.5.5; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 148.6.5; janma miyat obahing bumi (AJ 1621) (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 230.6.5). (kembali) |
| 2 | bajul (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.176, Pupuh 130.8.9; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 148.8.9). Bandingkan; bajulira (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 230.8.9). (kembali) |
| 3 | Lebih dua suku kata. Bandingkan: winastanan Radèn Mas Panênggak (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.9.2; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 148.11.2). (kembali) |