Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
147 dari 170
676–677 dari 856
6.760–6.769 dari 8.560
| 147.017 | Rahadèn Pulangjiwa anênggih | kala jênênge Susunan Êmas | Pangran Balitar namane | sarêng kendhang sang prabu | têluk marang Kartasura glis | pinundhut namanira | karsane sang prabu | sampun anyami kang putra | winastanan Arya Pulangjiwa nênggih | mila sakit kang driya || |
| 147.018 | nulya migat nusul mring Kadhiri | mangkya pinundhut dening sang nata | Ki Arya sangêt ajrihe | ing mangke sampun katur | yèn Ki Arya migat ing latri | Jêng Pangeran Balitar | sangêt dukanipun | Ki Tumênggung Suralaya | ing Barêbês wau kang kinèn ngulati | anasak wanawasa || |
| 147.019 | Arya Pulangjiwa wus kapanggih | nèng madyaning wana Pasêdhahan | nulya pinêjahan age | murda pinacok sampun | Ki Tumênggung Suralayèki | mantuk sawadyanira [[f. 580v]: sawadya...nira] | praptèng ngarsa matur | dhatêng Pangeran Balitar | yèn Ki Arya Pulangjiwa wus ngêmasi | pangran tusthèng wardaya || |
| 147.020 | Jêng Pangeran Balitar lingnya ris | Kadhuruan[1] Wilatikta sira | mantuka marang prajane | lah iki layang isun | aturêna kanjêng rama ji | lan sagung bêboyongan | pawèstri yu-ayu | kang saking nêgari Malang | aturêna maring kanjêng sri bupati | Kadhuruan tur sêmbah || |
| 147.021 | lawan malih Si Wiragunèki | Arya Tiron myang Mangunnêgara | tuwin Mandurarêjane | kapat bêktanên mantuk | poma sira dèn ngati-ati | rumêksa anèng marga | kang kinon wotsantun | Kadhuruan Wilatikta | sigra mintar datan kawarna ing margi | wus prapta Kartasura || |
| 147.022 | wus cundhuk lawan Ki Cakrajayèki |[2] Kandhuruan wus binêkta seba | katur mring nata praptane | pan tinimbalan gupuh | tumamèng byantara nrêpati | manêmbah mring suku sang | mangusap ing lêbu | sang nata alon lingira | Kandhuruan ingutus apa sirèki | marang ing gustinira || |
| 147.023 | kang tinanya matur awotsari | patik aji kawula dinuta | dhatêng putra nata mangke | dahat anuwun bêndu | kamipurun ngaturkên tulis | mèsêm sri naranata | kang sêrat pinundhut | nulya wau tinupiksa | mring sang nata yèn bêbukane kang tulis | kawula tur uninga || |
| 147.024 | dhatêng panduka sri narapati | patik aji mangkya lanang yuda | angsal bêrkat nata mangke | nêgari Mambêng gêmpur | pun Ngabèi Êlor ngêmasi | Ngabèi [[f. 581r]: Ngabè...i] Kidul pêjah | kasambut ing pupuh | dene ikang amrajaya | abdi dalêm pun Jayasantika nênggih | lakung sudirèng rana || |
| 147.025 | dening putrane Ki Surapati | pun Surahim malajêng mring wana | lan pun Lêmbu Lêmborane | prajurite kèh lampus | rabinipun kathah kang kari | katawan ing kawula | katura sang prabu | kabêkta pun Wilatikta | lawan malih pun Wiraguna anênggih | kalih Mandurarêja || |
| 147.026 | katura dhatêng sri narapati | Arya Tinon myang Mangunnêgara | nanging pun Pulangjiwane | migat kalaning dalu | pan kacandhak watên wanadri | mangkya sampun pralena | tigas murdanipun | dening nagari bang wetan | sawarnine pukulun pan sampun radin | sami nungkul sadaya || |
676–677 dari 856
| 1 | Kandhuruan (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 134.20.2; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 4.20.2). Bandingkan: kandhuruhan (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.269, Pupuh 147.20.2). (kembali) |
| 2 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: cundhuk lawan Ki Cakrajayèki (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 134.22.1); panggih lawan Cakrajaya panggih (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 4.22.1). (kembali) |