Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
149 dari 170
721–722 dari 856
7.209–7.218 dari 8.560
| 149.107 | duk kinêpung anèng kitha | pitung wulan laminèng[1] sang dipati | wong pasisir samya tugur | miwah wong Kartasura | tuwin bala Kumpêni prasamya tugur | pan maksih ayun-ayunan | kawarnaa sri bupati || |
| 149.108 | apan sampun amiyarsa | lamun wadya pugawa kang ajurit | sakalakung risakipun | kasoran ing ayuda | kang wadya lit akathah longe kang lampus | tuwin pugawa kang pêjah | mêngkana ikang tinuding || |
| 149.109 | abantu mring Surabaya | sakathahe pamajêgan kinêrig | wong Banyumas lan Matarum | Pamardèn lan ing Roma | Dêmang Jayawinata têtindhihipun [[f. 618v]] | kalawan Jayasamodra | wus budhal sagunging baris || |
| 149.110 | tan winarna lampahira | duk ing marga wus praptèng Surawèsthi | wus panggih lan Ki Tumênggung | Cakrajaya myang amral | wus pinêrnah kuwu pabitinganipun | gêntya ikang kawuwusa | prajurit saking ing Bali || |
| 149.111 | kang sraya pangran ing Sampang | ikang pêjah ing kapal mangkya prapti | apêparab Dewa Kêtut | sèwu prajuritira | praptèng kitha ing Tunjungan kang jinujug | miyarsa yèn pangran pêjah | anèng kapal kang nyuruhi || |
| 149.112 | lakung angungun ing driya | Dewa Kêtut akèn ambêbahaki | wadya Mandura ginêmpur | gègère apuyêngan | akèh nusul mring nagari Surèngkewuh | atur upaksi pangeran | yèn wontên mêngsah dhatêngi || |
| 149.113 | wadya ing Nusakambangan | Dewa Kêtut sèwu sikêping jurit | Pangeran Mandura gupuh | tur wikan ing apatya | miwah amral angandika Ki Tumênggung | Cakrajaya mring pangeran | dika antuki pribadi || |
| 149.114 | pangran alon aturira | pan punika ènthèng kapanggih wuri | kang awrat samya rinêbut | mêngsah ing Surapriga | dene ing Mandura kapanggiha pukur | ari kawula kewala | pun Cakranêgara nênggih || |
| 149.115 | kawula utus mantuka | agitika mêngsah kang saking Bali | angandika ki tumênggung | igih karsa andika | sigra budhal Radèn Cakranagarèku [[f. 619r]] | ngirid prajurit sanambang | wus anumpak ing jaladri || |
| 149.116 | ya ta wau kawarnaa | Amral Britman êsaknga[2] mring apatih | ing solahira kumêndur | gènira badayuda | pangadune ing wadya Kumpêni iku | ambuta tuli kewala | karya risaking wadya lit || |
721–722 dari 856
| 1 | lamine (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.308, Pupuh 149.107.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.108.2; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 56.10.2). (kembali) |
| 2 | Teks asli kurang jelas. Bandingkan: asêksi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.117.2). (kembali) |