Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
16–17 dari 170
94–95 dari 856
932–941 dari 8.560
| 016.032 | Nyai Gêdhe ing Karèng[1] winarni | wus sami kararon | Nyai Karang anuli arine | Nyai Gêdhe ing Wangsulan nênggih | anuli kang rayi | ya ta wastanipun || |
| 016.033 | Nyai Gêdhe ing Bakèng[2] anuli | gênti winiraos | Nyai Agêng Adibaya wastane |[3] sampun jangkêp pêpitu anênggih | nênêm ikang èstri | asmara kang jalu || |
| 17. Asmaradana | |
| [Ki ageng Séla nyepeng gelap. Ki Panjawi lan ki Pamanahan suwita dhateng sultan Pajang.[4]] | |
| 017.001 | nênggih kang sêpuh pribadi | Kyai Agêng ing Sêsela | apan iku pambayune | kang rayi èstri sadaya | sampun sami akrama | gènnya kêkadang apatut | wus dhukuh sewang-sewangan || |
| 017.002 | mêngkana ikang winarni | Kyai Agêng ing Sêsela | kang dadi pangaubane | kang rayi èstri sadaya | sangêt subêktinira | taklim dhatêng kadangipun | pan kinarya panêmbahan || |
| 017.003 | pakaryane asêsabin | kang adhêkah ing Sêsela | punika pagaotane[5] | agaga lawan têtêgal | mangke ta kawarnaa | miyang sabin apêpacul | ing wayah sampuning andhap || |
| 017.004 | kala udan riwis-riwis | lawan mêndhung alimêngan | nanging amêmacul dhewe | datan ana rowangira | Ki Agêng ing Sêsela | mêngkana ikang winuwus | watên kaki-kaki prapta [[f. 86v]] || |
| 017.005 | ikang rupa kaki-kaki | amarani ênggènira | ki agêng kagyat manahe | dene têka tanpa sangkan | têtiyang kaki tuwa | amarani amêmacul | sarêng apêrêk sêmana || |
| 017.006 | kang arupa kaki-kaki | tangginas nulya cinandhak | ya ta jumêgur syarane | kang gêlap sampun binasta | dening Ki Agêng Sela | kang gêlap binêkta sampun | katur dhatêng Sultan Dêmak || |
| 017.007 | sampun kinunjara wêsi | kaki-kaki kang binasta | wus pitung dina lamine | ana nini-nini prapta | atijo[6] mring ki tuwa | pan sarwi ambêkta banyu | kunjara nulya siniram || |
| 017.008 | sang gêlap anulya muni | syarane lir gunung rêbah | kunjara wêsi wus bajod[7] | gêlap mumbul ing awiyat | jêngêr ikang tumingal | wong Dêmak sami gêgêtun | prasamya angling sadaya || |
94–95 dari 856
| 1 | Bandingkan: Kare (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 19.34.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 19.34.1). (kembali) |
| 2 | Bandingkan: Bokong (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 19.35.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 19.35.1). (kembali) |
| 3 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Nyai Gêdhe Ngadibaya rane (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 19.35.3; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 19.35.3). (kembali) |
| 4 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.97. (kembali) |
| 5 | panggaotane (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.97, Pupuh 17.3.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 26.18.3; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 26.18.3). (kembali) |
| 6 | atinjo (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.97, Pupuh 17.7.5). (kembali) |
| 7 | bojod (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.97, Pupuh 17.8.3; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 29.17.3). (kembali) |