Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
17 dari 170
95–96 dari 856
943–952 dari 8.560
| 017.010 | gêntia ikang ginupit | pan watên dhêdhalang pruwa | nênggih Ki Bicak namane | dhêdhalange Sultan Dêmak | ama[1] dhatêng Sêsela | cinatur rabine ayu | luwih saking ing sudarma || |
| 017.011 | lanang wadon angrasani | rabine dhêdhalang purwa | dening ta ayu warnane | sami angalêm sadaya [[f. 87r]: sa...daya] | sakèh ikang uninga | ya ta awêsaning katur | dhatêng Ki Agêng Sêsela || |
| 017.012 | dhêdhalang kinèn matèni | rinêbata ing akathah | pêpêk wong Sêsela kabèh | dhêdhalang pruwa wus pêjah | kinêmbulan ing kathah | sampune Ki Bicak lampus | rabine lan darbenira || |
| 017.013 | katur sêdayane sami | dhatêng Ki Agêng Sêsela | miwah rigit[2] lan bêndhene | ya ta bêndhe tiningalan | mring Ki Agêng Sêsela | mantun dènnya darbe kayun | dhatêng rabine ki dhalang || |
| 017.014 | sampune Ki Bicak kêni | kalakung sukaning manah | pan saking mawane bêndhe | mantun gènnya darbe karsa | ing rabine ki dhalang | pan lami-lami winuwus | punang bêndhe ingastrenan || |
| 017.015 | dening susunan ing Kali | yèn bêndhe dadi têngêran | sapa ikang duwe têmbe | pinasthi dadi narendra | bêndhe têngêraning prang | yèn bêndhe munya angukung | pasthi mênang punang yuda || |
| 017.016 | sampunnya ngalami-lami | Ki Agêng Sela pêputra | nênggih pêpitu kathahe | nênêm kang sami wanodya | jalu ikang satugal | anênggih wuragilipun | kang miyos jalu punika || |
| 017.017 | pan sampun sami akrami | wau kang putra sêdaya | pan wus salu panti dhewe | mawi dhêkah sewang-sewang | atut dènnya kêkadang | apan kathahe [[f. 87v]] pêpitu | kang putra Ki Agêng Sêsela |[3]| |
| 017.018 | panbajêngipun[4] winarni | Nyai Agêng Lurung Têngah | nulya malih pagulune | nênggih nyai gêng ing Saba | anuli arinira | Nyai Agêng Bangsri iku | anulya malih arinya || |
| 017.019 | nênggih nyai gêng i Jati | nuntên malih arinira | nyai gêdhe ing Patanon | lah ta malih arinira | punika rayinira | nyai gêng ing Pakis Kidul | wuragil jalu kang nama || |
95–96 dari 856
| 1 | Bandingkan: amèn (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 26.29.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 26.29.5). (kembali) |
| 2 | ringgit (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.98, Pupuh 17.13.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 26.33.3; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 26.33.3). (kembali) |
| 3 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: kang putra Kyagêng Sêsela (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 26.44.7); kang putra Ki Gêng Sêsela (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 26.44.7). (kembali) |
| 4 | pambajêngipun (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 26.45.1; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 26.45.1). (kembali) |