Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
17 dari 170
95–96 dari 856
944–953 dari 8.560
017.011 lanang wadon angrasani | rabine dhêdhalang purwa | dening ta ayu warnane | sami angalêm sadaya [[f. 87r]: sa...daya] | sakèh ikang uninga | ya ta awêsaning katur | dhatêng Ki Agêng Sêsela ||
017.012 dhêdhalang kinèn matèni | rinêbata ing akathah | pêpêk wong Sêsela kabèh | dhêdhalang pruwa wus pêjah | kinêmbulan ing kathah | sampune Ki Bicak lampus | rabine lan darbenira ||
017.013 katur sêdayane sami | dhatêng Ki Agêng Sêsela | miwah rigit[1] lan bêndhene | ya ta bêndhe tiningalan | mring Ki Agêng Sêsela | mantun dènnya darbe kayun | dhatêng rabine ki dhalang ||
017.014 sampune Ki Bicak kêni | kalakung sukaning manah | pan saking mawane bêndhe | mantun gènnya darbe karsa | ing rabine ki dhalang | pan lami-lami winuwus | punang bêndhe ingastrenan ||
017.015 dening susunan ing Kali | yèn bêndhe dadi têngêran | sapa ikang duwe têmbe | pinasthi dadi narendra | bêndhe têngêraning prang | yèn bêndhe munya angukung | pasthi mênang punang yuda ||
017.016 sampunnya ngalami-lami | Ki Agêng Sela pêputra | nênggih pêpitu kathahe | nênêm kang sami wanodya | jalu ikang satugal | anênggih wuragilipun | kang miyos jalu punika ||
017.017 pan sampun sami akrami | wau kang putra sêdaya | pan wus salu panti dhewe | mawi dhêkah sewang-sewang | atut dènnya kêkadang | apan kathahe [[f. 87v]] pêpitu | kang putra Ki Agêng Sêsela |[2]|
017.018 panbajêngipun[3] winarni | Nyai Agêng Lurung Têngah | nulya malih pagulune | nênggih nyai gêng ing Saba | anuli arinira | Nyai Agêng Bangsri iku | anulya malih arinya ||
017.019 nênggih nyai gêng i Jati | nuntên malih arinira | nyai gêdhe ing Patanon | lah ta malih arinira | punika rayinira | nyai gêng ing Pakis Kidul | wuragil jalu kang nama ||
017.020 anênggih Ki Agêng Ênis | punika ayun pratela | kang tinutur sajarahe | mêngkana ta cinarita | nyai agêng ing Saba | pan kêkalih putranipun | jalu kalawan wanodya ||
95–96 dari 856

 


ringgit (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.98, Pupuh 17.13.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 26.33.3; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 26.33.3). (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: kang putra Kyagêng Sêsela (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 26.44.7); kang putra Ki Gêng Sêsela (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 26.44.7). (kembali)
pambajêngipun (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 26.45.1; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 26.45.1). (kembali)