Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
17–18 dari 170
97–98 dari 856
967–976 dari 8.560
017.034 kala sêmana winarni | dipati dèrèng pêputra | tan drêman ika putrane | anênggih Ki Pamanahan | kathah atmajanira | nênggih cacahe pêpitu | kang sami jalu lêlima ||
017.035 ikang pawèstri kêkalih | jangkêp pitu ingetang |[1] tan wikan sêpuh kang anèm | duk sêmana sinêngkalan | kang seda ing Lawiyan | rupa gana warna ratu |[2] sêngkala lir guladrawa ||
18. Dhandhanggula
[Ki Pamanahan peputra radèn Bagus, kapupu dening sultan Pajang sinungan nama radèn ngabèhi Saloring Pasar. Sunan Prawata kaperjaya utusanipun arya Jipang. Ki Panjawi lan ki Pamanahan sagah aprang tandhing mengsah arya Jipang.[3]]
018.001 jalu gangsal kang èstri kêkalih [[f. 89r]: kêka...lih] | iku putrane Ki Pamanahan | kang sami jalu warnane | anênggih Radèn Bagus | lawan malih Rahadèn Santri | dene ikang satugal | wasta Radèn Jambu | lan malih ikang anama | Radèn Tampah lan Radèn Kadhawung nênggih | jangkêpipun lêlima ||
018.002 pêpitune pawèstri kêkalih | iku putrane Ki Pamanahan | kalawan malih kandhane | kang nama Radèn Bagus | pan pinupu putra anênggih | dhumatêng Sultan Pajang | kala timuripun | linêbokkên panakawan | nyêmut gatêl karakêt asaba puri | pinipil alit mila ||
018.003 kadi putra ênggènira yogi | sultan ing Pajang dèrèng pêputra | kinarya lanjaran wiyose |[4] ngakên putra pambayun | warnanipun luwih apêkik | Radèn Bagus sêmana | apan maksih timur | awor lawan panakawan | nyêmut gatêl sigêgên datan kawarni | ucapên ing carita ||
018.004 watên gêntia winuwus malih | Susunan Kudus ikang kocapa | kang ginuron mring wong akèh | dipati para ratu | puruhita datan gumisir | susunan ing Prawata | aguru ing Kudus | lan malih Arya Panasang[5] | agêguru suhunan ing Kudus sigih | sumukêm patakonan [[f. 89v]] ||
018.005 nanging Susunan Prawata nênggih | amalih kapti apatakonan | pan kêkalih pagurone | dhingin sunan ing Kudus | kaping kalih Susunan Kali | kunêng ta kawarnaa | susunan ing Kudus | dhumatêng Ki Arya Jipang | lah ki arya apa ta kukume kaki | wong ngalapdho upama ||
018.006 Ki Arya Jipang matur ngabêkti | igih ukumipun pinêjahan | tiyang ngalapdho ukume | wangsul amba yun wêruh | sapa sitên tuwan raosi | risaksana ngandika | susunan ing Kudus | kakangira ing Prawata | iya rane ikang amalih kapti |[6] umatur Arya Jipang ||
018.007 igih punapa ingantos malih | apan ukumipun pinêjahan | Susunan Kudus dêlinge | sapa ikang asagup | Arya Jipang matur ngabêkti | yèn watên pangandika | kawula kang sagup | angukumakên ing pêjah | angandika Susunan Kudus ngajani | lah payo lêkasana ||
018.008 Arya Jipang wuwuse adhêmit | duk angawe lurah kajinêman | apan sampu[7] tautate | anyidra para ratu | ingandêlkên sira ing dhêmit | pan rare sêsêliran | awasta pun Rakut[8] | ingatag mangkat tur sêmbah | tan kawarna lampahe pun Rakut prapti | kadhatoning [[f. 90r]: kadhato...ning] Prawata ||
97–98 dari 856

 


Kurang satu suku kata. Bandingkan: jangkêp pêpitu ingetang (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.99, Pupuh 17.35.2). (kembali)
Tanggal: rupa gana warna ratu (S 1461). Tahun Masehi: 1539–40. Bandingkan: rupa naga warna ratu (S 1481) (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 26.64.6). (kembali)
Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.100. (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: karya lanjaran wiyose (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 27.4.3; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 27.4.3). (kembali)
Panangsang (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.100, Pupuh 18.4.8). (kembali)
Kurang satu suku kata: iya arane ingkang amalih kapti. Bandingkan: apa rane iku ora malih kapti (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 27.7.9; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 27.7.9). (kembali)
sampun. (kembali)
Bandingkan: Rangkud (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 27.10.6). (kembali)