Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
18 dari 170
99–100 dari 856
985–994 dari 8.560
| 018.017 | yèn ta anaa sagup matèni | Si Arya Jipang wus ujar iwang | isun amawongan ngèngèr | nuli isun apinjung [[f. 91r]: api...njung] | lamun Arya Jipang ngêmasi | lan salawasaneya | nora sinjang isun | yèn tan durung asal bela | ya ta muni gêntêr patêr anauri | gumêdêr ngawang-awang || |
| 018.018 | kawarnaa risampunnya lami | gènnya tapa Wukir Danaraja | kalakung sangêt wirange | mêngkana kang winuwus | ikang rayi dèn andikani | kanjêng sultan ing Pajang | mring partapanipun | kang ngandikan nulya prapta | saha bala mantri ing Pajang umiring | dipati krig sadaya || |
| 018.019 | kang kulawarga samya angiring | Ki Panjawi lawan Pamanahan | tan kêna têbih lampahe | atanapi Ki Juru | ya ta tumut wau lumiring | miwah ikang anama | wau Radèn Bagus | apan maksih manakawan | duk sêmana pan tumut angiring-iring | ambêkta usap tangan || |
| 018.020 | Sultan Pajang apan sampun prapti | ing pratapan Wukir Danaraja | gumêrah andhèr balane | sultan sampun acundhuk | lan kang raka kagyat ningali | dening dèrèng asinjang | maksih tapih rambut | aturipun Sultan Pajang | mring kang raka wêcana angasih-asih | kakang andika sinjang || |
| 018.021 | nimas ratu alon anauri | isun i benjang yayi asinjang | yèn wus olih prayogane | i wong ikang asanggup | Arya Jipang ikang matèni | iku isun asijang | lamun durung lampus [[f. 91v]: lampu...s] | kang aran Arya Panasang | apan isun yayi tan arsa atapih | nadyan tumêkèng pêjah || |
| 018.022 | lawan uwis ujar isun yayi | lamun ana ikang nagupana[1] | Arya Panasang patine | nuli isun apinjung | angawula isun ngèngèri | syargine kakangira | satêtilaripun | sêlir lawan para garwa | isun yayi sumăngga ing asta kalih | miwah rajabêrana || |
| 018.023 | wus agêlar ngarsane kang rayi | sêlir ikang lawan para garwa | bêdhaya anèng wurine | warnanya ayu-ayu | atanapi bêrana adi | wus ginêlar sadaya | marang nimas ratu | alah yayi tingalana | iki kabèh têtilare kanjêng syargi | yayi mas kakangira || |
| 018.024 | Sultan Pajang umatur ngabêkti | alah kakang andika sinjanga | kang raka aris saure | lamun sira asanggup | pasthi isun yayi atapih | lah paran karsanira | Sultan Pajang matur | igih jêngandika sijang | pan kawula kakang kang sagup matèni | dhumatêng Arya Jipang || |
| 018.025 | amiyarsa ature kang rayi | nimas ratu anulya asijang | kalakung lêga manahe | Sultan Pajang andulu | ing pawèstri kang anèng wuri | dhatêng ragêm kang manah | sultan duk andulu | amatur kakang punika | yèn suwawi ikang alênggah ing wiking | ikang kawula têdha || |
| 018.026 | nimas ratu sira anauri | isun yayi pan dhatêng sumăngga | nulya [[f. 92r]: nu...lya] ingandikan age | èstri kinèn aluguh | nèng wurine wau kang rayi | nanging èstri punika | dede garwanipun | Kanjêng Susunan Prawata | pan rabine ikang kajinêman nênggih | kang kinarsakên[2] sultan || |
99–100 dari 856
| 1 | nyanggupana (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.102, Pupuh 18.22.2). (kembali) |
| 2 | kinarsakkên (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.102, Pupuh 18.26.10). (kembali) |