Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
18 dari 170
98–99 dari 856
980–989 dari 8.560
| 018.012 | kang tan suka arine pawèstri | kang sadhèrèk Susunan Prawata | Mas Ratu Kalinyamate | nêdha ukum mring Kudus | lampahira sampun sarimbit | rawuh ngayunanira | susunan ing Kudus | matur Nimas Kalinyamat | milanipun kawula marêk mariki | anêdha kukum tuwan || |
| 018.013 | igih pun kakang dipun pêjahi [[f. 90v]] | dening utusane Arya Jipang | punapa ing saukume | angling sunan ing Kudus | sayêktine wong utang pati | yaktine pinêjahan | iku ukum isun | Nimas Rara Kalinyamat | nulya mantuk apamit wau sarimbit | ya ta ikang kocapa || |
| 018.014 | Ki Arya Jipang ngadhang ing margi | lakinira Nimas Kalinyamat | ikang dèn êprih patine | pinêgatan dalagung[1] | kinarubut wus angêmasi | ya ta nangis alara | sira nimas ratu | dhingin tinilar ing kadang | kaping kalih tinilar marang ing laki | apan kinaniaya || |
| 018.015 | datan mantuk ing Dêmak nagari | bajur atapa wukir satata | ing Danaraja gununge | ênggènira ambangun | kasubrăngta amanting ragi | gènnya tapa wêwuda | nanging tapih rambut | asangêt atèng[2] sarira | suwarnane têtilare kanjêng syargi | satata pan binêkta || |
| 018.016 | nimas ratu karya pasanggiri | ucap benjang isun asinjanga | yèn ana uwis belane | patine lakinisun | atanapi sadulur mami | padha kinaniaya | sahid patinipun | pan isun tan arsa sijang[3] | lamun durung ana sanggup amatèni | marang Si Arya Jipang || |
| 018.017 | yèn ta anaa sagup matèni | Si Arya Jipang wus ujar iwang | isun amawongan ngèngèr | nuli isun apinjung [[f. 91r]: api...njung] | lamun Arya Jipang ngêmasi | lan salawasaneya | nora sinjang isun | yèn tan durung asal bela | ya ta muni gêntêr patêr anauri | gumêdêr ngawang-awang || |
| 018.018 | kawarnaa risampunnya lami | gènnya tapa Wukir Danaraja | kalakung sangêt wirange | mêngkana kang winuwus | ikang rayi dèn andikani | kanjêng sultan ing Pajang | mring partapanipun | kang ngandikan nulya prapta | saha bala mantri ing Pajang umiring | dipati krig sadaya || |
| 018.019 | kang kulawarga samya angiring | Ki Panjawi lawan Pamanahan | tan kêna têbih lampahe | atanapi Ki Juru | ya ta tumut wau lumiring | miwah ikang anama | wau Radèn Bagus | apan maksih manakawan | duk sêmana pan tumut angiring-iring | ambêkta usap tangan || |
| 018.020 | Sultan Pajang apan sampun prapti | ing pratapan Wukir Danaraja | gumêrah andhèr balane | sultan sampun acundhuk | lan kang raka kagyat ningali | dening dèrèng asinjang | maksih tapih rambut | aturipun Sultan Pajang | mring kang raka wêcana angasih-asih | kakang andika sinjang || |
| 018.021 | nimas ratu alon anauri | isun i benjang yayi asinjang | yèn wus olih prayogane | i wong ikang asanggup | Arya Jipang ikang matèni | iku isun asijang | lamun durung lampus [[f. 91v]: lampu...s] | kang aran Arya Panasang | apan isun yayi tan arsa atapih | nadyan tumêkèng pêjah || |
98–99 dari 856
| 1 | dalanggung (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 27.18.4; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 27.18.4). (kembali) |
| 2 | Bandingkan: ambantêr (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 27.19.8; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 27.19.8). (kembali) |
| 3 | sinjang (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.101, Pupuh 18.16.8; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 27.20.8; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 27.20.8). (kembali) |