Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
18 dari 170
98–99 dari 856
974–983 dari 8.560
| 018.006 | Ki Arya Jipang matur ngabêkti | igih ukumipun pinêjahan | tiyang ngalapdho ukume | wangsul amba yun wêruh | sapa sitên tuwan raosi | risaksana ngandika | susunan ing Kudus | kakangira ing Prawata | iya rane ikang amalih kapti |[1] umatur Arya Jipang || |
| 018.007 | igih punapa ingantos malih | apan ukumipun pinêjahan | Susunan Kudus dêlinge | sapa ikang asagup | Arya Jipang matur ngabêkti | yèn watên pangandika | kawula kang sagup | angukumakên ing pêjah | angandika Susunan Kudus ngajani | lah payo lêkasana || |
| 018.008 | Arya Jipang wuwuse adhêmit | duk angawe lurah kajinêman | apan sampu[2] tautate | anyidra para ratu | ingandêlkên sira ing dhêmit | pan rare sêsêliran | awasta pun Rakut[3] | ingatag mangkat tur sêmbah | tan kawarna lampahe pun Rakut prapti | kadhatoning [[f. 90r]: kadhato...ning] Prawata || |
| 018.009 | Sunan Prawata agêrah ligih | lêlendhehan maring ikang garwa | nulya pun Rakut dhatênge | tinakenan pun Rakut | paran karyanira mariki | pun Rakut atur sêmbah | kawula pinutus | anyidra dhatêng sampeyan | angandika Susunan Prawata sigih | lah mara lêkasana || |
| 018.010 | nanging aja angambat-ambati[4] | Rakut ika sun jaluk ing sira | amung awak isun dhewe | pun Rakut narik dhuwung | nulya goco jaja trus gigir | karantas dhatêng garwa | sajrone pan emut | sira Rakut balidrang ujar |[5] milanipun dhuwung pun Bêthok tinarik | kajinêman sinawat || |
| 018.011 | saking ampuhe dhuwung ngênani | pun Rakut kêna ing kêmbang kacang | ukur kabêlèr kulite | aniba nuli lampus | ya ta sarêng gènnya ngêmasi | susunan ing Prawata | lawan garwanipun | tangis lir pendah ampuhan | sinêngkalan guna cepta warnèki |[6][7] Prawata kang karona[8] || |
| 018.012 | kang tan suka arine pawèstri | kang sadhèrèk Susunan Prawata | Mas Ratu Kalinyamate | nêdha ukum mring Kudus | lampahira sampun sarimbit | rawuh ngayunanira | susunan ing Kudus | matur Nimas Kalinyamat | milanipun kawula marêk mariki | anêdha kukum tuwan || |
| 018.013 | igih pun kakang dipun pêjahi [[f. 90v]] | dening utusane Arya Jipang | punapa ing saukume | angling sunan ing Kudus | sayêktine wong utang pati | yaktine pinêjahan | iku ukum isun | Nimas Rara Kalinyamat | nulya mantuk apamit wau sarimbit | ya ta ikang kocapa || |
| 018.014 | Ki Arya Jipang ngadhang ing margi | lakinira Nimas Kalinyamat | ikang dèn êprih patine | pinêgatan dalagung[9] | kinarubut wus angêmasi | ya ta nangis alara | sira nimas ratu | dhingin tinilar ing kadang | kaping kalih tinilar marang ing laki | apan kinaniaya || |
| 018.015 | datan mantuk ing Dêmak nagari | bajur atapa wukir satata | ing Danaraja gununge | ênggènira ambangun | kasubrăngta amanting ragi | gènnya tapa wêwuda | nanging tapih rambut | asangêt atèng[10] sarira | suwarnane têtilare kanjêng syargi | satata pan binêkta || |
98–99 dari 856
| 1 | Kurang satu suku kata: iya arane ingkang amalih kapti. Bandingkan: apa rane iku ora malih kapti (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 27.7.9; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 27.7.9). (kembali) |
| 2 | sampun. (kembali) |
| 3 | Bandingkan: Rangkud (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 27.10.6). (kembali) |
| 4 | angèmbèt-èmbèti (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 27.11.1; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 27.11.1). (kembali) |
| 5 | Lebih satu suku kata: Si Rakut balidrang ujar. Bandingkan: Si Rangkud cidra wacana (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 27.11.8); Si Rangkud cidra wasana (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 27.11.8). (kembali) |
| 6 | Kurang satu suku kata: sinêngkalan guna cepta warnanèki. Bandingkan: sinangkalan guna yaksa warna nabi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 27.12.9; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 27.12.9). (kembali) |
| 7 | Tanggal: guna cepta warnèki (S 14?3). Watak bilangan kata "cepta" dalam sangkala ini tidak jelas. Bandingkan: guna yaksa warna nabi (S 1453) . Tahun Masehi: 1531–2 (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 27.12.9; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 27.12.9). (kembali) |
| 8 | karuna (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 27.12.10; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 27.12.10). (kembali) |
| 9 | dalanggung (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 27.18.4; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 27.18.4). (kembali) |
| 10 | Bandingkan: ambantêr (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 27.19.8; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 27.19.8). (kembali) |