Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
2–3 dari 170
28–29 dari 856
278–287 dari 8.560
002.119 punika ikang dipun waoni | sa dyah saya wanoh | sang kakung cinandhak darijine | tinikêlakên sarwi anolih | adhuh sri bupati | ing asmara manggut ||
002.120 tulus rahadèn jumênêng aji | tansah mukti turon | kadya mimi kalawan garwane | para arum sadaya wêradin | myang mukti asari | kang wanuh salulut ||
002.121 tansah kasukan siyang lan lastri | lawan para sinom | wus kêna asmara lulut kabèh | radèn dèwi lakung bêkti laki | sri bupati lami | jumênêng nèng Galuh ||
002.122 nanging dèrèng korak ing nêgari | kuthane tan katon | mukti sari nèng kadhaton bae | mila sangêt sang prabu prihatin | dèrèng duwe mantri | ênêngna winuwus ||
002.123 kang nèng jro guwa sampun alami | atapa punang wong | anak putune nglêlari kabèh | Ki Satomi wus dèn nyana mati | kesahe wus lami | kasmaran ing ratu ||
3. Asmaradana
[Ki Satomi lan Ni Satomi katrimah suwitanipun dados punggawa ing praja Galuh.[1]]
003.001 kang anèng guwa wus lami | anunggu kathil kancana | mung wong roro lan garwane | tinêkan sasêdyanira | tinurunan ing dewa | nanging suwara karungu | Ki Satomi sun atêdah ||
003.002 tinêkanan sêdyanèki | lah age ta mangulona [[f. 23v]] | ana ratu utamane | kang anèng waringin kêmbar | ika sira jujuga | apepea anèng ngriku | lah age sira kentara ||
003.003 Ki Satomi kagèt tangi | wus kesah lan garwanira | mangulon ika parane | malbèng wana migah jurang | ambênêr nasak-nasak | glis carita praptèng sampun | nèng ngandhaping wringin kêmbar ||
003.004 kang èstri matur ing laki | kyai paran ikang karsa | têka nèng sor wringin gêdhe | bok kasasar lampah dika | ujar marang nêgara | têka praptèng wana agung | kiyai luhung mantuka ||
003.005 hèh mênênga ja baribin | Ki Satomi pan alênggah | lakung kyèh ika syarane | êjim lawan parayangan | gumêrah syaranira | sayaktine alun-alun | gladhag pasar kang gumêrah ||
28–29 dari 856

 


Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.27. (kembali)