Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
2 dari 170
19 dari 856
181–190 dari 8.560
| 002.022 | ngêntèk tênaganya angregoni | ngandika sang anom | aja na kono sun arsa mangke | manjing puri Ni Tigaron angling | dening daya iki | yèn tan wruh ing wuwus || |
| 002.023 | wastanana kang sun tugu iki | tri têtêlu mako | punang cebol agayuh[1] lintange | iku yayi sang dyah anungkêmi | adhuh gusti mami | kang sun ayun-ayun || |
| 002.024 | sampun lunga wismaa nèng ngriki | tarima rèningong | lah karia wus lajêng lampahe | sang dyah mêksa mawongan tut wiking | prapta catur wijil | ingadhêp dyah arum || |
| 002.025 | kang awasta Ni Kèn Patrarêsmi | genojèng[2] sang anom | lawan pawongan satus kathahe | gusti yya lunga candranên kori | ngandika yayi ki | catur papat iku [[f. 17r]] || |
| 002.026 | lêmbu anusu anake iki | sumukêm sang sinom | adhuh gusti isun salawase | radèn lajêng sa dyah atut wuri | pănca wijil prapti | angandhêg kang tugu || |
| 002.027 | kang awasta Nikèn Rêtnawati | agubêl[3] sang anom | sampun kentar yèn tan wruh candrane | angandika Dèn Banjaransari | pănca lima yayi | jong mot sagara gung || |
| 002.028 | sang dyah angrangkul pan sarya angling | adhuh ratuningong | sampun angkul[4] dyan lajêng lampahe | sang dyah tut wuri prapta nêm kori | ikang tugu darmi | tan arsa lumaju || |
| 002.029 | ikang aran Sari Sêdawati | rongatus punang wong | jalu maku gupitanên mangke | angandika Dyan Banjaransari | sad nênêm sêtyaki | glar pangonan iku || |
| 002.030 | atut sêdya sira Sêtyawati | amawongan ingong | atut wuri dyan prapta lampahe | kori sapta kang tugu kapanggih | Dèwi Satyawati | tan suka lumaju || |
| 002.031 | rowange rongatus angadhangi | gupitanên mangko | Banjaransari alon dêlinge | sapta pitu iku ratu kalih | bratayuda sami | sang dyah awotsantun || |
19 dari 856
| 1 | anggayuh (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.19, Pupuh 2.23.3; Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.23.3). (kembali) |
| 2 | gènonjèng (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.19, Pupuh 2.25.2). Bandingkan: ginojèng (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.25.2). (kembali) |
| 3 | anggubêl (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.19, Pupuh 2.27.2; Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.27.2). (kembali) |
| 4 | nungkul (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.28.3). (kembali) |