Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
2 dari 170
19–20 dari 856
189–198 dari 8.560
| 002.030 | atut sêdya sira Sêtyawati | amawongan ingong | atut wuri dyan prapta lampahe | kori sapta kang tugu kapanggih | Dèwi Satyawati | tan suka lumaju || |
| 002.031 | rowange rongatus angadhangi | gupitanên mangko | Banjaransari alon dêlinge | sapta pitu iku ratu kalih | bratayuda sami | sang dyah awotsantun || |
| 002.032 | lumaris sang dyah arsa tut wiking | prapta kori mangko | astha tan awèh kang tugu mangke | Dèwi Asthawati ya ngadhangi | rowange rong biting | ngandika sang bagus || |
| 002.033 | astha walu bramana ngajawi | atut sang lir sinom | radèn lajêng dyah tut wuri mangko |[1] prapta nglèng sanga dipun [[f. 17v]: di...pun] adhangi | Rêtna Angkawati | balane rongatus || |
| 002.034 | marganana wastane puniki | ngling Banjaransinom | nawa sanga kori mênga bae | tanpa ngucap Dèwi Ăngkawati | baya iki aji | kang ingayun-ayun || |
| 002.035 | dèn sang prabu rara rina wêngi | tut wuri sang sinom | sampun prapta sadasa regole | lênglêng mangu Dyan Banjaransari | andulu raras iki |[2] ing tirta winangun || |
| 002.036 | banjar adi luwih asrinèki | saking banjar nagasinom |[3] têpas thi lit-alit mako |[4] cinitrèng mas pinatik rêtna di | pinapajang asri | langsene kumêndhung || |
| 002.037 | padha tatrap kancana pinatik | mirah widurijo | itên[5] muncar-mancur ujalane | puspita dhêngdhêng gandanya amrik | jumirahe adi | muncar-muncar mancur || |
| 002.038 | samya gêdhah sadaya kinardi | anjajari mako | samya gêdhah putih sabarise | wanèh kuning rêta wungu adi | lir kasyargan adi | warnanên dyah ing rum || |
| 002.039 | pêpatihira kang têngga wijil | matur mring sang anom | lamun ana wong marak marene | wong nglana arsa marêk sang aji | wus bêdhah kutha ji | lah konên malêbu || |
19–20 dari 856
| 1 | Biasanya guru lagu e. Bandingkan: mangke (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.33.3). (kembali) |
| 2 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: sadalu rarasing (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.35.5). (kembali) |
| 3 | Lebih dua suku kata. Bandingkan: banjar nagasinom (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.36.2). (kembali) |
| 4 | Kurang dua suku kata, dan biasanya guru lagu e. Bandingkan: têpas witana lit-alit mangke (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.36.3). (kembali) |
| 5 | intên (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.20, Pupuh 2.37.3; Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.37.3). (kembali) |