Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
20 dari 170
110–111 dari 856
1.094–1.103 dari 8.560
| 020.018 | kalawan picis sakêthi | iku wêtara manira | yèn para aku wong roro | kang matèni Arya Jipang | katura Sultan Pajang | nêgara ganjaranipun | ing Pathi kalih Mataram || |
| 020.019 | Ki Panjawi mangkya angling | igih lêrês karsa dika | Ki Pamanahan wuwuse | igih lêsêr[1] karsa dika | katura dhatêng sultan | pan sampun ubayanipun | pasthi tinagih ing prana || |
| 020.020 | tanapi Radèn Ngabèi | Loring Pasar wus mupakat | tan lênggana ing karsane | sudaranira katiga | măngsa goroha tuwan | radèn angabèi matur | lêrêse kadya punika || |
| 020.021 | nulya kawarna ing enjing [[f. 100r]: e...njing] | budhal saking pamondhokan | gumêr syarane punang wong | têpung gêgamaning Jipang | lawan barising Pajang | ya ta agêgêng dinulu | baris Jipang binokokan[2] || |
| 020.022 | galong[3] yèn tinon ngajrihi | tangkêping wong mênang yuda | kawiking Bangawan Sore | kêbat lampahing gêgaman | samarga sukan-sukan | kalawan wong Jipang iku | prapta talatahing Pajang || |
| 020.023 | wantu gancanging pawarti | sira pan katular-tular | sampun katur pawartane | dhumatêng sultan ing Pajang | lamun Ki Pamanahan | wus dhatêng gènnya anglurug | lan sakulawangsanira || |
| 020.024 | bêdhahing Jipang nêgari | Arya Jipang sampun pêjah | kang matèni pan wong roro | lêlurahe wong tamtama | wasta Ki Pamanahan | nênggih lawan arinipun | rowange ambangkat karya || |
| 020.025 | kang awasta Ki Panjawi | pan sampun atas ing warta | enjing Sultan Pajang miyos | pêpêk kang mantri sadaya | andhèr ing pagêlaran | ya ta kang dhatêng ngalurug | ngaturakên bêbandhangan || |
| 020.026 | sarêng matur Ki Panjawi | kalawan Ki Pamanahan | ămba ngaturakên waos | agême pun Arya Jipang | myang dhuwung sakêmbaran | ikang dipun karya ngamuk | katura dhatêng paduka || |
| 020.027 | kanjêng sultan angling aris | igih ki raka tarima | ikang angaèsi gawe | mapan uwis ujar iwang | Ki Panjawi duwea | ing Pathi ikang rumuhun | pêkênira tampanana [[f. 100v]] || |
110–111 dari 856
| 1 | Bandingkan: lêrês (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.112, Pupuh 20.19.4). (kembali) |
| 2 | binongkokan. (kembali) |
| 3 | golong (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |