Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
20 dari 170
111–112 dari 856
1.105–1.114 dari 8.560
020.029 jêkar[1] dènira tinangkil | gumêr syaraning pawongan | sultan sampun angadhaton | ya ta ikang kawarnaa | ikang tămpa ganjaran | sampun jinujung kang luguh | Ki Panjawi wus wibawa ||
020.030 jumênêng Ki Agêng Pathi | cacahipun wong salêksa | wus kalampahan kang anom | sampun atampi ganjaran | kantun Ki Pamanahan | punika nênggih kang sêpuh | pan dèrèng tampi ganjaran ||
020.031 pan nêgara ing Matawis | kang badhe dados ganjaran | nanging alit ing cacahe | cinatur pan maksih wana | nêgara ing Mataram | kalakung dèn ayun-ayun | pan dhatêng Ki Pamanahan ||
020.032 Ki Juru amituturi | Ki Bayi dèn sabar uga | măngsa wandea kalakon | ngêndi ana ratu cidra | pan dèn sêmêne uga |[2] dèrèng măngsa tibanipun | sampun dika sakit manah ||
020.033 sangsaya alami-lami | datan wontên kang micara | sultan datan amiraos | sangsaya nora dêrana | sira Ki Pamanahan | sangsaya wirang ing kalbu | dening sultan sampun mojar ||
020.034 kesah dhêkah Kêmbanglampir | sêmana Ki Pamanahan | kagagas-gagas wirange | pan alami nora [[f. 101r]: no...ra] seba | maring Jêng Sultan Pajang | dèn palaur adhêdhukuh | ambantêr kang kasutapan ||
020.035 ênêngêna kang ginupit | susunan ing Kalijaga | pan nora samar tingale | pandhita wus ngraga sukma | wikan dèrèng winarah | sumêdya wau anulung | nênggih kang banting sarira ||
020.036 sakêdhap praptèng Banglampir | Panêmbahan Kalijaga | Ki Pamanahan anglasod | sapraptane jêng susunan | nulya Ki Pamanahan | sumungkêm padaning guru | sarya mangaras manêmbah ||
020.037 ngandika sang maha yêkti | lah pêgene kaki sira | têka dhêdhukuh ing kene | nora tulus sumawita | marang Ki Bayi Pajang | mapan sira tugal kawruh | kalawan ki jêbèng Pajang ||
020.038 Ki Pêmanahan tur bêkti | kawula anuwun duka | putra panduka ing Paos | nyidrani kang pangandika | mila merang kawula | mila kawula tan purun | sumawita ratu cidra ||
111–112 dari 856

 


1 jêngkar (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.113, Pupuh 20.29.1; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 42.31.1). (kembali)
2 Bandingkan: nanging inganti uga (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 31.67.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 31.67.5). (kembali)