Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
21 dari 170
123–124 dari 856
1.228–1.237 dari 8.560
021.104 anadene pêkênira | Jêbèng Juru Amartani | ikang yoga amomonga | ing putra ngong senapati | ayya seba mariki | yèn ora jangkêp sataun | gêmahêna Mataram | yèn uwis satahun ugi | asebaa sira mring nêgara Pajang ||
021.105 Ki Juru matur wotsêkar | lah punika ta sang aji | sagunge ikang têtilar | bêrana myang para rabi | sumăngga ing nrêpati | Sultan Pajang ngandika rum | padha sira gawaa | mantuk marang ing Matawis | nanging sultan andulu wanodya anyar ||
021.106 rabine ki agêng anyar | punika dipun rêmêni | Ki Juru wus binisikan | sampun kaduga ing galih | sêmune sang nrêpati | wanodya anyar pinundhut | Ki Juru wruh sasmita | lêlungidira nrêpati | duk sêmana anging ta datan katara ||
021.107 angling sultan lah muliha | marang nêgara Matawis | Senapati Ingalaga | sumungkêm sira ngabêkti | sarya ngaturi pamit | dhatêng sultan sampun sinung | jêngkar kang sinewaka | wus malêbêt dalêm puri | kawarnaa Senapati Ingalaga ||
021.108 lawan Ki juru punika | ing wau sampun pêpanggih | lawan Ki Tumênggung Mayang | sêmana wus dèn bisiki | apan sampun andugi | nulya wau lumastantun | Senapati [[f. 112r]] Ngalaga | wus prapta nagri Matawis | lan Ki Juru Amartani duk sêmana ||
021.109 cinatur sampun agêmah | padhêkahan ing Matawis | murah kang sarya tinumbas | eca manahe wong alit | nêdhêng kang pala dadi | tulus kang sarwa tinandur | ikang toya tumumpang | arata sitinya wêdhi | saya kathah ajêjêl ikang pomahan ||
021.110 tan ana siti kang bêra | ginarap kawula alit | kang badhe dadi nêgara | kalakung dadi pêpengin | kathah wong bêcik prapti | karasan tan ana mantuk | dadya awisma pisan | karasan anèng Matawis | datan pêgat têtiyang adandan wisma ||
021.111 apan nêgara Mataram | pasir wukir loh jinawi | tan ana kang winaonan | toyane miyos awêning | gasik sitinya wêdhi | sami pangling kang andulu | dening kariyin wana | ing mangke dadi nêgari | nora pilih kang wisma sami karasan ||
021.112 pan sampun jangkêp sawarsa | jênêngira Senapati | Ngalaga anèng Mataram | kacaryan ing wong amukti | kang tansah apangarti | apan wus Kiyai Juru | ikang ngatag aseba | pan wus satahun ing mangkin | pêkênira sebaa mring Sultan Pajang ||
021.113 Senapati Ingalaga | wus ta sira anêm tani |[1] ing besuk ulun aseba | yèn watên utusan prapti | dhumatêng ing Matawis | ya ta ngandika Ki Juru | pundi watên kawula | nganti utusaning [[f. 112v]] gusti | pêkênira sampun sinungan sêmaya ||
123–124 dari 856

 


Bandingkan: wuwuse anyamayani (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 27.67.2). (kembali)