Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
21–22 dari 170
124–125 dari 856
1.238–1.247 dari 8.560
| 021.114 | satahun kinèn aseba | dening rama sang nrêpati | manira iki wong tuwa | katon nora mituturi | mila tansah ngong peling | iya ngong sukan[1] kasêbut | wong tuwa asung warah | sampun ina ki mas gusti | lakung ewuh i wong kinarya momongan || |
| 021.115 | lah kayaparan ta para | maring wongira Matawis | sami para konên nyithak | lan karyanên bata putih | tan wande iku benjing | pawarta puniku katur | dhatêng sultan ing Pajang | dening ta akathah prapti | wong ing Pajang adagang layar Mataram || |
| 021.116 | ing wau ta kawarnaa | putrane ki senapati | apan sêsanga winarna | pan dèrèng ingucap malih | dening ta maksih alit | kang putra pambajêng iku | jalu ikang anama | Radèn Răngga maksih alit | wayahipun umure sadasa warsa || |
| 021.117 | akêkasih Radèn Răngga | wayahira winatawis | pan lagi rumaja putra | arosa pilih tumandhing | awantêr ikang galih | lawan prawira atêguh | tan ngungkak kawanènnya | abagus prawirèng luwih | wong kang mulat prasamya wau kasmaran || |
| 22. Asmaradana | |
| [Radèn Pabélan nyarogoh putranipun sultan Pajang ingkang nama Sekar Kadhaton.[2]] | |
| 022.001 | ênêngêna ing Matawis | gênti wau kawarnaa | kang anèng nagri Pajange | sira Ki Tumênggung Mayang | tansah kaciptèng nala | kala winangsit puniku | ya ta Ki Tumênggung Mayang || |
| 022.002 | amrih lupute sang aji | gisire ing jangjinira | Tumênggung Mayang pamrihe [[f. 113r]: pa...mrihe] | kemutan marang kang putra | yèn sangêt dènnya mukar[3] | jêjuluke putranipun | kang wasta Radèn Pabelan || |
| 022.003 | pakartine tansah nilib | tinari krama tan arsa | saba pasar karêmêne | nadyan mantri myang sudagar | yèn ana ing sênêngnya | rupane radèn kacatur | luwih bagus nagri Pajang || |
| 022.004 | tan ana ikang tumandhing | baguse Radèn Pabelan | pan eman kalakohane | kang rama pêgêl kang manah | nanging dèn prih matia | mangke pikire kang sêpuh | kang aran Tumênggung Mayang || |
| 022.005 | dèn lêbokkên ing jro puri | matia lawan karenah | tan kolu matèni dhewe | sarta dadi pamisaya | lupute Sultan Pajang | kênaa ing jangjinipun | gisira kang panjênêngan || |
| 022.006 | gisira jangjine dhingin | pamrihe Tumêgung[4] Mayang | apan iya ing karsane | ikang kinarya dhadhakan | anênggih ikang putra | apikir sajroning kalbu | aja tagung[5] dadi karya || |
124–125 dari 856
| 1 | sungkan (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.126, Pupuh 21.114.6; Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 27.68.6). (kembali) |
| 2 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.127. (kembali) |
| 3 | mungkar (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.127, Pupuh 22.2.5). (kembali) |
| 4 | Tumênggung (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.127, Pupuh 22.6.2). (kembali) |
| 5 | tanggung (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.127, Pupuh 22.6.7). (kembali) |