Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
21 dari 170
114–115 dari 856
1.136–1.145 dari 8.560
021.012 ing wau Ki Pamanahan | karsane ngaturi pamit | dhatêng sira Sultan Pajang | kang putra sami angiring | miwah Radèn Ngabèi | Loring Pasar putra sêpuh | rawuh ing panangkilan | Ki Pamanahan wus panggih | lawan sultan andhèr kang sami sewaka ||
021.013 putrane Ki Pamanahan | pan ganti padha ngujungi | dhatêng Kanjêng Sultan Pajang | miwah radèn angabèi | rinakul[1] ikang rayi | Rahadèn Bênawa iku | lah kakang sampun kesah | Radèn Bagus anauri | pan kawula yayi mantuk mring Mataram ||
021.014 yayi mas para kantuna | pun kakang ngaturi pamit | matur Pangeran Bênawa | asêmu waspa drês mijil | kakang sampun alami | anuli andika wangsul | atijoa kawula | tan bêtah apisah kami | dika tilar paran kakang polah iwang ||
021.015 umatur Ki Pamanahan | dhatêng sultan nuhun pamit | Sultan Pajang angandika | igih kakang sami-sami | salamêta kang kari | salamêta kang lumaku | sampun auluk salam | Ki Juru ngaturi pamit | dhatêng sultan pan sampun maca salawat ||
021.016 wus lèsèr[2] Ki Pamanahan | kang putra sami angiring | sultan jêngkar angadhatyan | warnanên kang sampun mijil | saking pasowan prapti | ing wisma sami aluguh | wau Ki Pamanahan | putra èstri kalih [[f. 103v]] prapti | anungkêmi wau padane kang rama ||
021.017 kalih pan sami karuna | nênggih kang wuragil èstri | kang antuk Tumênggung Mayang | wuragile kang sawiji | kang asal Dhadhaptulis | kalih pisan ikang mantu | pan sami mantri Pajang | Ki Pamanahan mangkya ngling | anak isun lah babo aja karuna ||
021.018 balik ta sira dèn bisa | anutakên marang laki | witne sun tan bêtah pisah | kalawan sira ta nini | nanging ta priye gusti | abote wong duwe kakung | tan etangh[3] yayah rena | olih anutakên laki | muga sira gusti tulusa akrama ||
021.019 lah uwis sira kantuna | putranisun kalih nini | isun bayong mring Mataram | kang putra kalih anangis | sami ngaturi bêkti | ing rama kalawan ibu | dadya amêgat trêsna | kang lunga lawan kang kari | ikang mantu kalih samya atur sêmbah ||
021.020 ya ta Ki Tumênggung Mayang | kalih Arya Dhadhaptulis | samya bupati ing Pajang | Ki Pamanahan mangkya ngling | alah ta payo uwis | padha mangkat mumpung esuk | saksana ikang putra | umangkat saanak rabi | pan asêlur pikulan lawan gotongan ||
021.021 sapraboting wong awisma | binêkta tan ana kari | gumêr kalanira mangkat | saanak putu pan kêrig | boyong dhatêng Matawis | atanapi Kyai Juru | saanak rabinira | binêkta tan ana kari | pan akandhêg lampahira anèng marga ||
114–115 dari 856

 


rinangkul (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.117, Pupuh 21.13.5). (kembali)
lèngsèr (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.117, Pupuh 21.16.1; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 47.24.1). (kembali)
etang (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.117, Pupuh 21.18.7). (kembali)