Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
21 dari 170
116–117 dari 856
1.152–1.161 dari 8.560
| 021.028 | Ki Pamanahan angucap | igih Ki Bayi ing benjing | manira kapiutangan | nênggih manira mênawi | têmbe sagêd mangsuli | sih para dhawuh maringsun | ya ta sira mangrêpa | Ki Gêdhe Karanglo angling | datan kenging amba punika matura || |
| 021.029 | umangkat Ki Pamanahan | Ki Gêdhe Karang tut wiking | sumêdya angatêrêna | dhumatêng nagri Matawis | lakung dènnya mèt ing sih | Ki Gêdhe Karanglo wau | marang Ki Pamanahan | watên karaos ing ati | dening têmbe pan kêna ingarsa-arsa || |
| 021.030 | kocapa kang lagya siram | ing Kali Ngupak winarni | susunan ing Kalijaga | Ki Pamanahan ningali | ing guru sang ayogi | sigra pinalayon gupuh | prapta saha tur sêmbah | ing guru sang maha yêkti | suku têngên wau ikang winaenan[1] || |
| 021.031 | Ki Agêng Karanglo ika | sarêng sami aningali | mring guru sang apandhita | Jêng Susunan Kali nênggih | kala dawêg sêsuci | Lèpèn Upak ênggènipun | Ki Pamanahan samya | ya ta sarêng angabêkti | kang sampeyan rinangkul Ki Pamanahan || |
| 021.032 | kang têngên Ki Pamanahan | sampeyan kiwa anênggih | Ki Gêdhe Karanglo ika | ikang sami dèn sukêmi | susunan ngandika ris | ki jêbèng [[f. 105r]: jê...bèng] wus pinasthi besuk |[2] jêbèng Karanglo ika | upama kang dadi kunci | barêng mukti anèng nêgari Mataram || |
| 021.033 | nanging pinasthi ing benjang | Ki Jêbèng Karanglo nênggih | nora kêna ngago bawat | lawan taji wus pinasthi | iya ikang darbèni | ing saturun-turunipun | jêbèng Karanglo ika | wus pinasthi de Yyang Widi | ora kêna jêbèng iku owahana || |
| 021.034 | lan malih sira tan wênang | Ki Bayi Karanglo iki | benjang ing saturunira | nuganga jampana joli | lan sinêbuta benjing | êmas lawan radèn iku | risampunnya ngandika | ing wau sang maha yêkti | kinèn lajêng lampahe Ki Pamanahan || |
| 021.035 | lah padha wus lumarisa | nulya sami angabêkti | Ki Gêdhe Karanglo ika | wus pinanci aduwèni[3] | lawang taji pinasthi | punika sabdaning guru | tan kêna owahana | lampahira dan lumaris | sampun prapta nêgaranirèng Mataram || |
| 021.036 | sampun amukti sadaya | sakulawarganing rèki | tulus samya awibawa | tulus kang tinandur sami | murah tinumbas sigih | ênêngêna kang winuwus | watên ikang kocapa | Sultan Pajang anduwèni | sêsêngkêran nênggih saking Kalinyamat || |
| 021.037 | nênggih ikang sêsêngkaran[4] | natkalane sira alit | kang raka ki agêng ika | ing Mataram kang gadhuhi | mangke sampun birai | saya katon [[f. 105v]: ka...ton] warnanipun | dhasar pujul ngakathah | wus balèg ika duwèni | kang lêlewa singa kang dulu kasmaran || |
116–117 dari 856
| 1 | Bandingkan: winisuhan (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 47.37.9). (kembali) |
| 2 | Lebih satu suku kata: jêbèng wus pinasthi besuk. (kembali) |
| 3 | anduwèni (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.119, Pupuh 21.35.4). (kembali) |
| 4 | sêsêngkêran (dan di tempat lain). (kembali) |