Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
21 dari 170
113–114 dari 856
1.127–1.136 dari 8.560
| 021.003 | lah Ki Jêbèng Pamanahan | prasatyaa sun astrèni | Ki Pamanahan tur sêmbah | ing guru sang maha yêkti | amba tuwan sêksèni | yèn ta aduwea kayun | nêdya jumênêng sultan | watên nêgari Matawis | aprasatya ămba kêniyèng sapata || |
| 021.004 | yèn adamêla piala | awak kawula puniki | utawi sêdya ngêndhiha | kadhaton Paos puniki | yèn kawula pribadi | sampun pênêd kang tinêmu | sapa sitên wikana | ing benjang sawiking-wiking | lakung gaib Pangeran ikang kawasa || |
| 021.005 | panêmbahan angandika | alah ta ki jêbèng uwis | pan abênêr ujarira | datan ana ikang sisip | ya ta lêga kang ati | Sultan Pajang mirsa wuwus | wus kêna ujar keras | panêmbahan angling aris | lah ta uwis ki jêbèng para srahêna || |
| 021.006 | sungêna ing kakangira | padêdesan ing Matawis | Sultan Pajang [[f. 102v]: Pa...jang] atur sêmbah | sumăngga ing asta kalih | lah andika tampani | kakang Mataram kang dhusun | nanging ta maksih wana | Ki Pamanahan wus tampi | ing Mataram wau kang dadi ganjaran || |
| 021.007 | panêmbahan angandika | alah ta ki jêbèng uwis | muliha marang Mataram | boyonga saanak rabi | pan isun angamini | tulusa padha sadulur | lah ta padha karia | manira apamit mulih | nulya sami atur sêmbah kalih pisan || |
| 021.008 | sawikinge panêmbahan | Ki Pamanahan amijil | mantuk dhatêng wismanira | wus kapanggih lan kang rayi | miwah kang putra sami | pêpak sanak warganipun | sadalu pagunêman | lan Ki Juru Amartani | wus arêmbag karsa boyong mring Mataram || |
| 021.009 | putrane Ki Pamanahan | kapitu pisan winarni | pan sampun sami akrama | kang jalu lawan kang èstri | kêkalih ikang èstri | lêlima kang sami jalu | pambayun wastanira | Radèn Bagus timurnèki | kang pinupu anak dening Sultan Pajang || |
| 021.010 | watên dene kang sakawan | wastanipun lagya alit | Radèn Jambu kang satugal | kang sawiji Radèn Santri | Radèn Tompe sawiji | sakawan Radèn Kadhawung | kêkalih kang wanodya | pan sampun sami akrami | kang satugal angsal Ki Tumênggung Mayang || |
| 021.011 | dening wuragile pisan | antuk Arya Dhadhaptulis | mantrinipun Sultan Pajang | sami anutakên laki | putra èstri kêkalih | karsanipun sami tumut | bayong dhatêng [[f. 103r]: dha...têng] Mataram | ya ta kawarna ing enjing | apan sampun dènira sami adandan || |
| 021.012 | ing wau Ki Pamanahan | karsane ngaturi pamit | dhatêng sira Sultan Pajang | kang putra sami angiring | miwah Radèn Ngabèi | Loring Pasar putra sêpuh | rawuh ing panangkilan | Ki Pamanahan wus panggih | lawan sultan andhèr kang sami sewaka || |
113–114 dari 856