Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
21 dari 170
119–120 dari 856
1.182–1.191 dari 8.560
021.058 Suhunan Parapèn ika | wau sineba ing aji | watên ing Girikadhatyan | para niyaka anangkil | Japan Wirasabèki | pêpak sadaya nèng ngayun | Dipati Surapriga | Pasêdhahan [[f. 107v]: Pa...sêdhahan] lan Kadhiri | ing wong agung bang wetan pêpêk sadaya ||
021.059 miwah Wong Agung Mandura | kabèh prasamya anangkil | ing Sidayu Langsêm[1] Tuban | tanapi Wong Agung Pathi | Dipati Pajang iki | wus ngandikan marang ngayun | minăngka paligihan | binaturan prangmadani | adipati prasamya ligih atata ||
021.060 kang para mantri atata | aligih watên ing wuri | ing gustine sowang-sowang | lante lan lêlurah iki | Kyai Agêng Matawis | aligih watên ing pukur | wiking dipati Pajang | risampune mêngkanèki | Adipati Pajang sampun ingastrenan ||
021.061 jumênênga Sultan Pajang | punika babade uni | rêke mantri winisaya | punika babade dhingin |[2] pêpundhutan wus mijil | saking kadheton[3] lumintu | prasamya ingajêngan | sakathahe adipati | wus sumadya prasami adan adhahar ||
021.062 Sunan Parapèn ngandika | sakèhing para dipati | kabèh anak putuniwang | padha apatuta iki | aja na amimiti | dèn sami padha rahayu | dèn padha sokur iwang | ing jênêngira puniki | kang sun têdha sêlamêta donya kerat ||
021.063 sadaya para dipatya | apan sami atur paksi | kawula nuhun panduka | pasihan dalêm puniki | dening para dipati | sadaya pan wisan sampun | caritane sêmana | sinung panakawan sami | sakathahe panakawan cinarita ||
021.064 sakathahe panakawan | wau sami dèn tingali | dhatêng Sunan Giri ika | samya pinandêng ing liring | sagunge ikang bukti | maring Sunan Giri iku [[f. 108r]] | pandhita maharaja | animpêni èsmu gaib | nora samar mring Kyai Agêng Mataram ||
021.065 raja pandhita ngandika | alah anak Pajang sigih | sapa rane panakawan | kang amangan angarèni | dan Sultan Pajang angling | punika rêke pukulun | igih abdi panduka | pun patigi[4] ing Matawis | mapan awor wong kawan atus punika ||
021.066 ngandika raja pandhita | lah konên mring ngarsa mami | konên aligih ajajar | kalawan para dipati | dadya ngandikan aglis | Ki Gêdhe Mataram iku | wus aligih ing ngarsa | Ki Gêdhe Mataram wiking | sang pandhita aris dènira ngandika ||
021.067 lah wruhanira sadaya | sakèhing para dipati | yèn ki gêdhe ing Mataram | ing têmbe-têmbe ing benjing | anak putune iki | angrata jaman ing besuk | iya ing nusa Jawa | pangidhêp ana Matawis | pan Ki Gêdhe Mataram mangkya miyarsa ||
119–120 dari 856

 


Lasêm (dan di tempat lain). (kembali)
Tanggal: uni rêke mantri winisaya punika (S 1537). Tahun Masehi: 1615–6. Lihat juga: rêsi mantri tata raja (S 1537) (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 45.5.3). Bandingkan: pêksi astha warna aji (S 1481) (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 9.24.2; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 47.49.2). (kembali)
kadhaton (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.121, Pupuh 21.61.6). (kembali)
patinggi (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.122, Pupuh 21.65.8). (kembali)