Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
21 dari 170
119–120 dari 856
1.185–1.194 dari 8.560
021.061 jumênênga Sultan Pajang | punika babade uni | rêke mantri winisaya | punika babade dhingin |[1] pêpundhutan wus mijil | saking kadheton[2] lumintu | prasamya ingajêngan | sakathahe adipati | wus sumadya prasami adan adhahar ||
021.062 Sunan Parapèn ngandika | sakèhing para dipati | kabèh anak putuniwang | padha apatuta iki | aja na amimiti | dèn sami padha rahayu | dèn padha sokur iwang | ing jênêngira puniki | kang sun têdha sêlamêta donya kerat ||
021.063 sadaya para dipatya | apan sami atur paksi | kawula nuhun panduka | pasihan dalêm puniki | dening para dipati | sadaya pan wisan sampun | caritane sêmana | sinung panakawan sami | sakathahe panakawan cinarita ||
021.064 sakathahe panakawan | wau sami dèn tingali | dhatêng Sunan Giri ika | samya pinandêng ing liring | sagunge ikang bukti | maring Sunan Giri iku [[f. 108r]] | pandhita maharaja | animpêni èsmu gaib | nora samar mring Kyai Agêng Mataram ||
021.065 raja pandhita ngandika | alah anak Pajang sigih | sapa rane panakawan | kang amangan angarèni | dan Sultan Pajang angling | punika rêke pukulun | igih abdi panduka | pun patigi[3] ing Matawis | mapan awor wong kawan atus punika ||
021.066 ngandika raja pandhita | lah konên mring ngarsa mami | konên aligih ajajar | kalawan para dipati | dadya ngandikan aglis | Ki Gêdhe Mataram iku | wus aligih ing ngarsa | Ki Gêdhe Mataram wiking | sang pandhita aris dènira ngandika ||
021.067 lah wruhanira sadaya | sakèhing para dipati | yèn ki gêdhe ing Mataram | ing têmbe-têmbe ing benjing | anak putune iki | angrata jaman ing besuk | iya ing nusa Jawa | pangidhêp ana Matawis | pan Ki Gêdhe Mataram mangkya miyarsa ||
021.068 pangandikaning pandhita | dyan ki agêng ing Matawis | asujud anèng ngayunan | angaras siti ing Giri | lakung panuwuning sih | dhumatêng sang maha wiku | dadya raja pandhita | mangkya angandika aris | pasthining Yyang datan kêna owahana ||
021.069 dadya Ki Agêng Mataram | ngaturi dhuwung sawiji | dhatêng suhunan ing Arga | ing wau nulya tinapi[4] | sakèh para dipati | sami kacaryan andulu | mring Ki Gêdhe Mataram | cinêtha yèn mutêr bumi | sasampune mêngkana raja pandhita ||
021.070 nuntên ayasa têlaga | sakèhing para dipati | samya dhudhuk-dhudhuk sira | aglis carita wus dadi | sêmana [[f. 108v]: sê...mana] ta winarni | winastan Têlaga Patut | ênggènnya pêpatutan | sakèhing măncanêgari | pan pinatut wau kang punang têlaga ||
119–120 dari 856

 


1 Tanggal: uni rêke mantri winisaya punika (S 1537). Tahun Masehi: 1615–6. Lihat juga: rêsi mantri tata raja (S 1537) (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 45.5.3). Bandingkan: pêksi astha warna aji (S 1481) (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 9.24.2; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 47.49.2). (kembali)
2 kadhaton (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.121, Pupuh 21.61.6). (kembali)
3 patinggi (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.122, Pupuh 21.65.8). (kembali)
4 tinampi (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.122, Pupuh 21.69.4). (kembali)