Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
21 dari 170
119–120 dari 856
1.186–1.195 dari 8.560
021.062 Sunan Parapèn ngandika | sakèhing para dipati | kabèh anak putuniwang | padha apatuta iki | aja na amimiti | dèn sami padha rahayu | dèn padha sokur iwang | ing jênêngira puniki | kang sun têdha sêlamêta donya kerat ||
021.063 sadaya para dipatya | apan sami atur paksi | kawula nuhun panduka | pasihan dalêm puniki | dening para dipati | sadaya pan wisan sampun | caritane sêmana | sinung panakawan sami | sakathahe panakawan cinarita ||
021.064 sakathahe panakawan | wau sami dèn tingali | dhatêng Sunan Giri ika | samya pinandêng ing liring | sagunge ikang bukti | maring Sunan Giri iku [[f. 108r]] | pandhita maharaja | animpêni èsmu gaib | nora samar mring Kyai Agêng Mataram ||
021.065 raja pandhita ngandika | alah anak Pajang sigih | sapa rane panakawan | kang amangan angarèni | dan Sultan Pajang angling | punika rêke pukulun | igih abdi panduka | pun patigi[1] ing Matawis | mapan awor wong kawan atus punika ||
021.066 ngandika raja pandhita | lah konên mring ngarsa mami | konên aligih ajajar | kalawan para dipati | dadya ngandikan aglis | Ki Gêdhe Mataram iku | wus aligih ing ngarsa | Ki Gêdhe Mataram wiking | sang pandhita aris dènira ngandika ||
021.067 lah wruhanira sadaya | sakèhing para dipati | yèn ki gêdhe ing Mataram | ing têmbe-têmbe ing benjing | anak putune iki | angrata jaman ing besuk | iya ing nusa Jawa | pangidhêp ana Matawis | pan Ki Gêdhe Mataram mangkya miyarsa ||
021.068 pangandikaning pandhita | dyan ki agêng ing Matawis | asujud anèng ngayunan | angaras siti ing Giri | lakung panuwuning sih | dhumatêng sang maha wiku | dadya raja pandhita | mangkya angandika aris | pasthining Yyang datan kêna owahana ||
021.069 dadya Ki Agêng Mataram | ngaturi dhuwung sawiji | dhatêng suhunan ing Arga | ing wau nulya tinapi[2] | sakèh para dipati | sami kacaryan andulu | mring Ki Gêdhe Mataram | cinêtha yèn mutêr bumi | sasampune mêngkana raja pandhita ||
021.070 nuntên ayasa têlaga | sakèhing para dipati | samya dhudhuk-dhudhuk sira | aglis carita wus dadi | sêmana [[f. 108v]: sê...mana] ta winarni | winastan Têlaga Patut | ênggènnya pêpatutan | sakèhing măncanêgari | pan pinatut wau kang punang têlaga ||
021.071 sasampunira mêngkana | sakèhing para dipati | sadaya mantuk ta sira | miwah Sultan Pajang iki | nulya wau ngujungi | tinundhung nulya glis mantuk | Kyai Agêng Mataram | andhèrèk ing sultan sigih | tan atêbah wau anèng wurinira ||
119–120 dari 856

 


patinggi (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.122, Pupuh 21.65.8). (kembali)
tinampi (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.122, Pupuh 21.69.4). (kembali)